Jumat, 09 November 2012


Sejarah sesaji
Sadurunge ana daya pangaribawan agama-agama kayata Hindu, Budha, lan sapanunggalane tuwuh ing Indonesia, kapitayane leluhur bangsa Indonesia adhedhasar marang rong sistem kapitayan. Kapitayan kuwi wis dadi sawijine idiologi sajroning kapercayane. Kapitayan kuwi yaiku:
a.       Animisme
Animisme minangka kapitayan kang nduweni pamawas menawa samubarang kang nduweni kakuwatan roh ora mung manungsa lan kewan, nanging samubarang liyane kayata wit, watu, lan sapanunggalane, uga nduweni roh kang ngandhut kakuwatan gaib. Lan roh-roh kuwi bisa menehi pangaribawa bathi lan rugi marang panguripane leluhur. Supaya ora nuwuhake panyebab kang ala ing panguripane, para leluhur ngurmati roh-roh kasebut kanthi cara menehi sesajen lan menyan kanthi sesulih dhukun utawa pawang kanggo njaluk berkat utawa pangestu. Saliyane kuwi uga digunakake kanggo pakaryan kang penting, upamane nalika ngedegake omah lan menawa ana wong lara.
Saliyane kapitayan marang anane roh, bangsa Indonesia ing jaman samana uga percaya marang anane bangsa lelembut kang diarani Hyang utawa Yang, kang dumunung ing gunung, alas, kali, lan papan wingit liyane sing arang diliwati manungsa. Ing antarane hyang-hyang kuwi ana kang apik lan ana kang ala sing seneng ngganggu uripe manungsa. Mula saka kuwi dikurmati kanthi cara menehi sesajen lan menyan supaya para leluhur antuk pangestu lan slamet sajroning uripe. Para leluhur menehake sesajen marang roh-roh tuladhane kanthi nggawekake prau cilik sing njerone ana isine maneka warna sesajen. Prau kasebut diilekake menyang kali utawa segara. Kanthi tujuwan supaya roh kasebut  menehi pangaribawa negatip marang uripe para leluhur lan bisa mapan ing panggonan kang edhum.

b.      Dinamisme
Para leluhur nduweni kapitayan menawa saben wong, kewan utawa samubarang duwe kakuwatan gaib lan greget. Akehe  greget kang ana ing sajroning awak kudu laras karo kahanane awak. Wong sing kurang gregete bakal lara-laranen. Mula saka kuwi pawongan kudu nggunakake samubarang kayata ali-ali, gelang, kalung, utawa apa wae sing bisa nuwuhake greget.
Watara patang abad kepungkur, wis ana gegayutan ing antarane Indonesia karo bangsa manca kayata India lan Cina sajroning sistem dagang. Wong India lan Cina kasebut pancen ngenut agama Hindu lan Budha. Pedagang-pedagang kasebut nggunakake kalodhangan kuwi kanggo menehi daya pangaribawan marang bangsa Indonesia ing babagan kabudayan, agama, lan seni. Saking gedhene daya pangaribawan Hindu kasebut mula madeg kraton-kraton Hindu ing Indonesia, kayata Kutai, Tarumanegara, Kraton Mataram, lan Sriwijaya. Saka madege sakehing kraton Hindu ing Indonesia ndadekake sansaya kuwate daya pangaribawan utamane ing babagan budaya lan agama.
Ing jaman Majapahit kanthi resmi sajroning babagan agama ana rong aliran, yaiku agama Syiwa lan agama Budha. Ing kasunyatane kekraone bisa lumaku bebarengan kanthi becik malah-malah nggayuh wujud sinkretisme ing antarane budaya Hindu lan Budha karo budaya Indonesia utamane ing babagan agama lan sistem kapitayan kang pancen tuwuh sadurunge. Ditambahi maneh kanthi teori-teori lan praktek-praktek moderen dening para ahli agama Hindu lan Budha marang saperangan gedhe leluhur bangsa Indonesia. Tuladhane nalika ana salah sawijine wong kang tilar donya sakabehing sanak kadang lan kulawarga, ing dina katelu, kapitu, patang puluh, satus dinane nganti sewune wong sing tilar donya kasebut, kudu kumpul kanggo muja roh sing tilar donya  lan njaluk kaslametan marang roh lan dewa kanthi cara ngobong menyan lan sesajen minangka tandha pakurmatan marang roh lan dewa kasebut sambi nembang-nembang lan maca “Homburae - Homburae”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar