Minggu, 15 September 2013

jurnal skripsi saya :D



PENDHEKAR KAMPUNG PINDHANGAN
SAWIJINING CARITA FIKSI KANURAGAN

Dinda Mulia Erdiastuty
Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNESA, (dindamulia13@yahoo.com)
Abstrak
Jinis cerbung kang ngrembaka salah sawijine arupa cerbung sing ngandhut carita kanuragan. Carita kanuragan kasebut dumadi saka anane tradhisi olah kanuragan sing ngrembaka ing bebrayan Jawa. Salah sawijining cerbung kang ngandhut babagan olah kanuragan yaiku cerbung Pendhekar Kampung Pindhangan anggitane Imam H. Cerbung PKP kapilih ing panliten iki amarga caritane narik kawigaten yaiku ngenani tradhisi olah kanuragan kang pinunjul sajroning carita. Cerbung PKP uga durung nate ditliti sadurunge lan PKP iku mujudake asil karya sastra Jawa moderen sing kagolong anyar. Saliyane iku, cerbung kanuragan isih arang tinulis ing kalawarti. Tradhisi olah kanuragan sajroning carita kasebut sesambungan karo kahanan sosial masyarakat sajroning cerbung PKP. Anane rong perangan kang nyawiji mau narik kawigaten lan laras menawa katindakake panliten nganggo tinthingan sosio – antropologi. Bab kang dadi underaning panliten iki, yaiku: (1) wujud struktur sastra, mligine paraga lan pamaragan, (2) wujud tradhisi olah kanuragan kang ngrembaka ing masyarakat sajroning cerbung PKP, lan (3) kahanan sosial masyarakat ing cerbung PKP kang njalari tuwuhe tradhisi olah kanuragan. Adhedhasar underaning panliten kasebut, mula panliten iki nduweni ancas, yaiku: (1) ngandharake wujud struktur teks, mligine aspek paraga lan pamaragan, (2) ngandharake wujud tradhisi olah kanuragan kang ngrembaka ing masyarakat sajroning cerbung PKP, lan (3) ngandharake kahanan sosial masyarakat ing cerbung PKP kang njalari tuwuhe tradhisi olah kanuragan.
Panliten ngenani tradhisi olah kanuragan lan kahanan sosial sajroning cerbung PKP iki kalebu panliten kualitatif kang nggunakake metodhe deskriptif. Data sajroning panliten iki awujud tembung-tembung, frasa utawa ukara-ukara kang kajupuk saka cerbung PKP anggitane Imam H. sing kababar ing kalawarti Jaya Baya, edhisi No. 38 Mei 2012 nganti edhisi No. 06 Oktober 2012. Data kasebut dikumpulake mawa teknik studi kapustakan lan maca. Analisis data ing panliten iki yaiku kanthi analisis data kualitatif.
Asiling panliten nuduhake yen wujud struktur sastra, mligine paraga lan pamaragan dibedakake dadi loro adhedhasar saka pentinge paraga sajroning carita, yaiku paraga utama lan paraga tambahan. Paraga utama ana loro, yaiku Tony lan Pak Faizal. Paraga tambahan ana telu, yaiku Udin, Bardi, lan Wiwin. Wewujudan tradhisi olah kanuragan kayata (1) anane olah kanuragan, (2) ancase olah kanuragan, (3) piwulang agama islam sajroning olah kanuragan, (4) ngelmu kasekten, (5) carane antuk kasekten, (6) pusaka, (7) kapitayan, (8) ilmu gaib, lan (9) tradhisi saliyane olah kanuragan. Wujude kahanan sosial masyarakat sajroning PKP yaiku (1) pakaryan, (2) agama, (3) watak guyub rukun, (4) kenakalan pemudha, lan (5) kadurjanan.

Tembung wigati: carita fiksi kanuragan, wujude tradhisi olah kanuragan, kahanan sosial masyarakat



A.    PURWAKA

Ing tembe iki tuwuh reriptan sastra kang isine ngenani carita kependhekaran utawa kanuragan ing jagading kasusastran Jawa moderen. Umume caritane gegayutan karo paraga kang kadhapuk minangka pendhekar sing wasis olah kanuragan. Carita kasebut diarani carita kanuragan. Carita kanuragan sajroning kasusastran Jawa moderen mula bukane tuwuh ing kasustran Indonesia. Ing antara liya yaiku Pendhekar Lembah Naga karyane Kho Ping Hoo, Naga Sasra dan Sabuk Inten lan Api di Bukit Menoreh karyane S.H. Mintardja, lan Senopati Pamungkas karyane Arswendo, sarta isih akeh maneh. Sajroning kasusastran Jawa moderen uga wiwit ngrembaka carita kanuragan sanajan durung akeh cacahe. Ewosemono anane carita kanuragan kasebut nambahi khasanah sastra Jawa moderen. Tuladhane carita kanuragan ing jagade kasusatran Jawa moderen yaiku Saridin Mokong karyane Sucipto Hadi Purnomo lan Pendhekar Kampung Pindhangan karyane Imam H. Jinis carita kanuragan ing jagading kasustran Jawa sejatine wis ana wiwit sastra tradhisi. Tuladhane sastra tradhisi kang kagolong carita kanuragan kayata carita-carita babad, carita Panji, lan carita Menak. Carita-carita kasebut diarani wira carita.
1
 
Sastra Jawa moderen tuwuh lan ngrembaka sawise sastra Jawa anyar. Sastra Jawa moderen diwiwiti kanthi anane novel Serat Riyanto anggitane R. Sulardi. Serat Riyanto kasebut kawedhar sajroning genre novel Jawa moderen ing taun 1920. Wiwit saka kuwi sastra Jawa modern ngrembaka nganti saiki. Anane sastra Jawa moderen kasebut bisa diwaca ing media masa abasa Jawa. Media masa abasa Jawa kuwi wujude arupa kalawarti. Ana telung kalawarti abasa Jawa sing isih urip nganti tekan saiki yaiku Panjebar Semangat, Jaya Baya, lan Djaka Lodhang.
Wujude sastra Jawa moderen saemper kaya dene sastra Indonesia yaiku cerita pendek  utawa cerpen, cerita bersambung utawa cerbung, novel, lan puisi. Miturut jinise reriptan sastra utawa puitikane,  cerkak, cerbung, lan novel, iku kagolong carita gancaran utawa prosa. Carita gancaran uga diarani carita fiksi. Miturut Alterbernd lan Lewis (sajroning Nurgiyantoro, 2007:2), fiksi bisa ditegesi minangka “prosa naratif” kang asipat imajinatif. Ewasemono, sanajan asipat fiktif lan imajinatif umume reriptan mau bisa dinalar lan ngandhut bebener. Reriptan fiksi imajinatif mujudake carita dramatik bab pasrawungane  manungsa. Karya fiksi kasebut nduweni wujud kang luwih bebas tinimbang karya non fiksi kaya dene karya ilmiah.
Miturut wataking caritane, sastra kaperang dadi loro yaiku sastra serius lan sastra populer. Sastra serius saliyane menehi panglipur uga nduweni ancas menehi pengalaman kang aji marang pamaca utawa ngajak pamaca ngresepi kanthi tumemen ngenani babagan kang diandharake sajroning carita. Sastra populer nduweni piguna utama kanggo panglipur. Salah sawijine karya sastra kasebut awujud cerbung. Wujude cerbung dawa, padha karo novel, mung wae carane kapacak lan medhia panerbitane kang beda. Novel kapacak langsung, tunggal  arupa buku, dene cerbung kapacak kala tartamtu sambung-sinambung, lumantar kalawarti-kalawarti basa Jawa kang ajeg kapacake.
Caritane cerbung umume carita romantik, sesambungan karo bab tresnane jalu lan wanodya. Ana carita romantik kang banjur ngrembaka kanthi kawuwuhan carita kanuragan. ngrembaka kanthi kawuwuhan bab carita kanuragan. Wiwitane carita kanuragan mung dadi sawijine perangan saka kawruh ngenani sastra.  Ewosemono saiki carita kanuragan wis dadi samubarang kang njangkepi sejarah lumakune sastra Jawa moderen. Miturut Abshar (2012) carita kanuragan ngonceki carita-carita ngenani aspek kapendhekaran utawa carita sing umume lelandhesan jejeging adil lan paseduluran. Ana sajroning carita mau mesthi ditengenake bab-bab kang gegayutan karo olah kanuragan.
Salah sawijine karya fiksi Jawa moderen sing ngandhut unsur kanuragan yaiku cerbung Pendhekar Kampung Pindhangan anggitane Imam H. Cerbung Pendhekar Kampung Pindhangan (sabanjure dicekak PKP) kasebut kapacak ing kalawarti Jaya Baya taun 2012. Cerbung PKP kapilih ing panliten iki amarga caritane narik kawigaten yaiku ngenani tradhisi olah kanuragan kang pinunjul sajroning carita. Cerbung PKP uga durung nate ditliti sadurunge lan PKP iku mujudake asil karya sastra Jawa moderen sing kagolong anyar. Karyane Imam H. kapilih, amarga ing tembe iki karya sastra Jawa moderen kang ngandhut genre carita kanuragan isih durung akeh. Ing panliten iki pancen kepengin nduweni objek kang beda sing arupa carita kanuragan.
Olah kanuragan mujudake sawijining tradhisi sajroning bebrayan Jawa. Tumrape  masyarakat pesisir kaya dene Banyuwangi, kanuragan wis dadi sawijining tradhisi. Ing kana ana sawenehe peguron kanuragan. Babagan kasebut dicaritakake ing cerbung PKP, kawistara saka tumindaken para paragane lanang lan wadon padha melu olah kanuragan. Saliyane ngenani kanuragan, uga ana tradhisi nalikane ngadhepi pahargyane paraga priya lan wanita sadurunge mangun bale somah. Kaya padatan, sajroning carita kang asipat tradhisi, uga ana sawenehe kapitayan kayata gugon tuhon, mantra, lan ilmu ghaib.
Anane tradhisi lan kapitayan kang wis disebutake mau njalari cerbung PKP narik kawigaten kanggo sawijining panliten kanthi tinthingan antropologi sastra minangka panliten ilmiah. Antropologi yaiku ilmu kang gegayutan karo manungsa (Koentjaraningrat, 1981:1). Antropologi dibedakake dadi antropologi fisik lan antropologi nonfisik. Antropologi fisik nyinaoni manungsa minangka badan kasar, kaya ditindakake sajrone ilmu kedhokteran. Antropologi nonfisik mahami manungsa minangka badan alus, perangan batine manungsa, kalebu masalah-masalah kang gegayutan karo aspek emosional lan intelektual. Antropologi nonfisik sabanjure diarani antropologi budaya.
Anane kanyatan yen antropologi budaya tumuwuh ing sastra, njalari anane disiplin anyaran kang diarani antropologi sastra. Antropologi sastra miturut Ratna (2009: 351), yaiku studi ngenani karya sastra kanthi relevansi manungsa (anthropos). Antropologi sastra mujudake analisis tumrap karya sastra, sing sajrone reriptan mau kinandhut unsur-unsur antropologis. Antropologi kayadene sosiologi lan psikologi, nduweni piguna kanggo ngandharake manungsa kang asipat prasaja apadene kompleks.
Saliyane ngenani antropologis, panliten iki uga migatekake kahanan sosial masyarakat sajroning cerbung PKP. Awit kahanan sosial uga nyengkuyung anane aspek antropologi sajroning carita. Sajroning PKP diandharake anane kampung Pindhangan. Tembung pindhangan dumadi saka tembung pindhang + wuwuhan –an. Pindhang yaiku sawijining jinis mangsakan iwak. Babagan kasebut nuduhake menawa pakaryane masyarakat Banyuwangi ana sing dadi nelayan. Tegese cundhuk karo kang diandharake dening Kusnadi (sajroning Sutardi, 2008:71), Banyuwangi kalebu bandar nelayan kang paling gedhe ing Indonesia. Saliyane kuwi uga dicritakake ngenani kahanan sosial liyane kayata gotong royong, tulung-tinulung, tumindak ala kaya dene nyolong lan gelut, jejodhowan kang ditemtokake dening wong tuwa, lan sawenehing prakarane kawula muda.
Anane rong perangan kang nyawiji mau narik kawigaten lan laras menawa katindakake panliten nganggo tinthingan sosio - antropologis. Saka andharan mau mula kapilih irah-irahan Pendhekar Kampung Pindhangan Sawijine Fiksi Kanuragan: Tinthingan Sosio-Antropologis.
Panliten ngenani antropologi sastra pancen wis nate kaleksanan sadurunge. Umume sing dirembug sajroning panliten kasebut arupa mitos, mistik, lan tradhisi ing bebrayan. Ewasomono karya fiksi kanuragan durung nate ditliti. Panliten iki nduweni pambeda saka panliten sadurunge, yaiku ngenani tradhisi kanuragan sing ana ing sawijine karya fiksi kanuragan.

B.      METODHE
Panliten iki mujudake panliten deskriptif kualitatif. Sumber data sing digunakake yaiku cerbung Pendhekar Kampung Pindhangan taun 2012 saka kalawarti Jaya Baya. Data sing digunakake yaiku frase, tembung, lan ukara sajroning cerbung Pendhekar Kampung Pindhangan taun 2012 . Sajrone nglumpukake data kasebut digunakake teknik kapustakan. Sajrone ngandharake lan njlentrehake data digunakake metode deskriptif analisis kanthi tinthingan sosio - antropologis.
Tata cara analisis data sing ditindakake sajrone panliten iki yaiku 1) maca lan nyinaoni data kang arupa cerbung PKP anggitane Imam H. kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya. Pamacan katindakake kanthi tumemen kanggo ngerteni isi lan makna caritane, 2) sawise maca cerbung banjur ditliti maneh supaya luwih bener lan pener, sarta laras karo underaning panliten. Kagiyatan nliti data sing diselarasake kalawan teori struktural mligine paraga lan pamaragan karo alur, teori sosiologi, lan teori antropologi sastra, 3) cerbung diperang sarta diklumpukake miturut perangan-perangane kang cundhuk karo underaning panliten. Sing sepisan digoleki strukturing paraga lan pamaragan PKP. Kapindho digoleki kahanan sosial budaya masyarakat ing cerbung PKP kang njalari tuwuhe tradhisi olah kanuragan. Katelu digoleki wujud tradhisi olah kanuragan kang ngrembaka ing masyarakat sajroning cerbung PKP, 4) sabanjure nindakake kodefikasi. Kodefikasi yaiku menehi kode utawa tenger marang data, supaya panliti gampang nggolongake data, 5) langkah pungkasan yaiku nafsirake data kanggo ngasilake sawijining andharan saka data kang wis dipikolehi

C.      ANDHARAN
1.         Wewangunaning Struktur Cerbung
Wewangunaning struktur cerbung bisa digunakake kanggo ninthingi perangan ekstrinsik sajroning carita. Unsur intrinsik carita digunakake kanggo nyengkuyung unsur ekstrinsik carita sing bakal ditliti. Kanggo ngandharake strukturing cerbung PKP digunakake tinthingan struktural. Bab iki kaleksanan kanthi ngandharake wujud strukturing PKP sanajan ora kabeh perangan dijlentrehake. Wujud strukturing PKP ing kene mung winates babagan paraga lan pamaragan sarta aluring carita. Panliten iki mung winates marang paraga lan pamaragan sarta alur amarga kekarone nduweni piguna kang penting banget sajroning carita.
Paraga lan pamaragan sajroning cerbung PKP ora bakal dirembug sakabehane. Paraga kang bakal diandharake adhedhasar saka pentinge paraga sajroning carita. Tegese ora mung paraga utama wae, nanging uga ana paraga-paraga tambahan. Anane paraga tambahan kasebut gegayutan karo paraga tambahan kang nyengkuyung carita saka kawitan nganti pungkasan.
Paraga utama ana loro, yaiku Tony Wowor lan Pak Faizal. Tony nduweni wewatekan menengan lan sregep. Wewatekane Tony bisa diwawas saka pethikan iki:
Awan iku Tony kudu enggal-enggal budhal kuliyah. Mula sarampunge usung-usung kranjang isi pindhang, dheweke terus nata buku sing arep digawa budhal. (JB, No.46-2012: 23)

Tony ora nglalekake kuwajibane minangka mahasiswa ing sawijine pawiyatan luhur ing Jember. Dheweke nindakake samubarang kang wis samesthine kudu dilakokake minangka anak lan minangka mahasiswa. Saliyane ngrewangi wong tuwane, dheweke uga gelem kuliyah.
Saliyane paraga utama uga ana paraga tambahan. Paraga tambahan ana telu, yaiku Udin, Bardi, lan Wiwin Windartini. Alur sajroning PKP yaiku alur campuran.

2.         Wujud Tradhisi Olah Kanuragan
Olah kanuragan minangka sawijine cabang olahraga kang dadi tradhisi ing Indonesia mligine Jawa. Olah kanuragan tuwuh ing Jawa wiwit jaman biyen. Tumuwuhe olah kanuragan ing saben-saben dhaerah ndadekake jinise sansaya akeh. Tuladhane kayata Persaudaraan Setia Hati Terate (PSHT), Cempaka Putih, Merpati Putih, Tapak Suci, lan isih akeh maneh (Jali, 2009). Wujud olah kanuragan kang ana ing cerbung PKP diandharake ing ngisor iki.
a.       Anane Olah Kanuragan
Sajroning cerbung PKP, masyarakate akeh sing melu olah kanuragan. Peguron ing cerbung PKP cacahe ana akeh. Anane peguron kasebut njalari masyarakate padha bebarengan melu-melu latihan. Sawenehing peguron olah kanuragan kang ana sajroning cerbung PKP yaiku peguron kang didegake dening Pak Faizal, peguron Gunung Terong, lan peguronan kang dipimpin dening Udin. Kacarita ing pereng Gunung Raung iku akeh banget peguron. Pethikan kang ngandharake babagan iki yaiku:
Pak Faizal entuk informasi cukup akeh saka cah loro kuwi. Dadi ngerti yen ing pereng Gunung Raung iku akeh peguron sing aneh-aneh. (JB, No.41-2012: 22)

Pethikan kasebut nuduhake menawa sajroning cerbung PKP pancen ana peguron olah kanuragan sing cacahe ora mung siji. Anane peguron-peguron kasebut dipimpin dening pawongan kang wasis babagan olah kanuragan. Pak Faizal kang sadurunge ora nduwe murid amarga pancen ora niyat madegake peguron, sansaya suwe madegake peguron. Muride Pak Faizal cepet banget ngrembakane, jangkep sewulan wis akeh sing melu.

b.       Ancase Olah Kanuragan
Saben organisasi utawa lembaga digawe mesthi nduweni ancas. Upamane organisasi kemahasiswaan digawe kanggo nampung aspirasine mahasiswa lan kanggo jembatan aspirasi mahasiswa marang dosen utawa rektorat. Semono uga olah kanuragan ana kanthi ancas tartamtu. Ancasing olah kanuragan umume yaiku kanggo njejegake rasa adil lan paseduluran. Olah kanuragan kang dipimpin dening Pak Faizal nduweni ancas kanggo njaga awake dhewe saka bebaya. Kanuragan ora kena dienggo sembarangan lan ora kena kanggo pameran. Pak Faizal tansah ngelingake babagan kasebut marang murid-muride. Pethikan kang cundhuk karo babagan iki yaiku:
“Bela dhiri iku, ora kena kanggo tukaran, ora pareng dienggo anggak-anggakan, aja digawe jajal-jajalan. Ora oleh kanggo tawuran. Bela dhiri iku mung mligi kanggo njaga awake dhewe-dhewe. Ora kanggo golek mungsuh. Upamane kowe dicegat begal. Ya ing wektu ngono iku ngelmune dicakake. Utawa maneh yen negarane dhewe iki arep dijajah bangsa liya, kita kudu wani perang, aja njur ndhelik golek perlindhungan. Mula sing baku, bela dhiri dudu tujuwan akhir...” (JB, No.47-2012: 23)
               
Kahanan kasebut nuduhake ancasing olah kanuragan kang dipimpin dening Pak Faizal yaiku kanggo njaga awake dhewe nalika nemoni bebaya. Iku wae ditindakake menawa pancen wis kepepet banget. Tuladhane menawa ana wong kang kepengin tumindak kadurjanan, kanuragan antuk dienggo kanggo nylametake awake dhewe. Saliyane iku kanuragan dibutuhake ing paprangan mbela bangsa lan negara saka jajahane bangsa liya. Pak Faizal ora ngidini murid-muride padha anggak-anggakan, pameran, lan tukaran karo wong liya saka kabisane kasebut. Pak Faizal bakal ngukum muride menawa ana sing njajal olah kanuragan ora ing wektu kang trep.

c.        Piwulang Agama Islam Sajroning Olah Kanuragan
Peguron kang didegake dening Pak Faizal nduweni ancas sing apik banget. Pak Faizal kepengin peguron kang dipimpin iku tansah lelandhesan agama. Sajroning carita, Pak Faizal ngenut agama Islam. Kanuragan ing pegurone Pak Faizal mula lelandhesan agama Islam. Piwulang Islam kang ana ing pegurone Pak Faizal yaiku tasawuf. Tegese tasawuf yaiku paham ing klompok kang ngenut agama Islamkang nduweni usaha ngresiki jiwa saka sipat-sipat ala sajroning upaya nyedhaki Pangeran (Sudardi, 2003:13). Tasawuf luwih nengenake ngibadah adhedhasar katresnan marang Pangeran tinimbang ngibadah mung kanggo nyukupi kabutuhan fiqih. Kagiyatan tasawuf kerep diarani kagiyatan batin amarga kang ditengenake batine manungsa, dudu laire.
Pak Faizal kerep mulang babagan tasawuf marang murid-muride. Dheweke nerangake tataran ngibadah miturut Islam iku ana papat. Sing sepisan yaiku Wajibul Yaqin, Ainul Yaqin, Haqul Yaqin, lan Isbatul Yaqin. Babagan iku bisa kawaca saka pethikan iki:
“Njur, yen pancen kowe kepengin ngerti kudu kepriye ta wong urip tinitah nong alam ndonya iki, anggonmu sinau bela dhiri kudu dilambari nganggo ilmu tasawuf.” (JB, No.44-2012: 22)

Pethikan kasebut nggambarake piwulang ngenani tasawuf dening Pak Faizal. Dheweke nerangake siji-siji wiwit saka tataran Wajibul Yaqin nganti Isbatul Yaqin utawa makrifatullah. Murid-muride Pak Faizal kayata Tony padha migatekake banget nalika Pak Faizal nerangake babagan tasawuf. Saliyane tasawuf, Pak Faizal uga nerangake ngenani nafsu-nafsu sing diduweni dening manungsa. Nafsu-nafsu kasebut cacahe ana papat.
d.       Kasekten
Kasekten mujudake babagan-babagan lan sawenehe kedadeyan kang ora umum (Koentjaraningrat, 1981:233). Sajroning olah kanuragan mesthi ana jurus-jurus andhalan kang dienggo dening para pendhekar. Paraga sajroning carita digambarake nduweni kasekten kang ngungkuli pendhekar-pendhekar kang dianggep nduweni kawasisan kang paling dhuwur (Supriyanto, 2008:36). Saben pendhekar nduweni jurus lan kasekten sing beda-beda. Umume manut karo piwulang kang ditampa saka gurune. Pak Faizal minangka pendhekar nduweni jurus-jurus sing ngedab-edabi banget. Pethikane ing isor iki:
“... Mung wae ya lagi sepisan kae aku weruh Pak Faizal ngetokake jurus-juruse. Yen disawang, wong-wongane rak ora ndayani ta? Paribasan ngidak telek ora pendeng. Nanging, wuh... ngedab-edabi banget sepak terjange!” (JB, No.40-2012: 22)
Kahanan saka pethikan iku nggambarake menawa Pak Faizal nduwe jurus kanuragan sing pancen ngedab-edabi banget. Miturut Tony lan kanca-kancane ngakoni menawa Pak Faizal pancen wasis ing babagan kanuragan. Saliyane nduwe jurus kang apik, Pak Faizal uga nduwe ngelmu kabatinan. Pak Faizal bisa nambani ndeleng apa sing wis dumadi saka kuku jempole. Dheweke uga bisa nambani tatune wong lara kanthi kabatinane.

e.        Carane Antuk Kasekten
Sawise dingerteni ngenani ngelmu kasektene para pendhekar sajroning PKP, mula kudu dingerteni kepriye carane para pendhekar kasebut antuk kasekten. Salah sawijine titikane carita kanuragan yaiku carane paraga antuk kasekten. Para pendhekar nduweni cara kang beda antarane siji lan sijine. Carane kang beda kasebut njalari kasektene uga ora padha. Miturut Supriyanto (2008:37), para paraga antuk kasekten kanthi cara sarwa ora sengaja lan ora umum. Carane antuk kaseketene pendhekar sajroning cerbung PKP bakal diandharake ing isor iki.
Pak Faizal wis kawentar kasektene. Jurus-juruse ngendab-edabi, kebatinan, lan kekebalane ora perlu ditakonake maneh. Dheweke bisa nduweni kasekten kaya mangkono amarga saka sregepe latihan. Pak Faizal ora nate meguru marang sapa wae. Dheweke nyinaoni ngelmu kanuragan kanthi mandhiri tanpa guru. Akeh wong sing ora percaya marang dheweke menawa anggone wasis kanuragan tanpa meguru. Kahanan kasebut bisa kawaca saka pethikan iki:
“Bisa wae. Sumpah, aku ora nate meguru marang sapa-sapa. Ora ana sing mblajari. Malah kena diarani yen aku bisa silat ngono iku, kanthi ora sengaja. Dudu tujuwanku. Kena diarani aku bisa karepe dhewe.” (JB, No.49-2012: 22)

Pethikan kasebut nuduhake menawa Pak Faizal bisa wasis ing babagan kanuragan amarga sinau dhewe. Dheweke ora meguru marang wong liya. Wong sing dijak omong mesthi wae ora percaya. Dening Pak Faizal wong kasebut dijak njajal kasektene. Pranyata pancen ngedab-edabi tumemen. Wong kasebut banjur percaya sawise Pak Faizal nerangake kepriye carane dheweke bisa nduwe jurus-jurus kanuragan.

f.        Pusaka
Pusaka yaiku piranti kang digunakake kanggo paprangan (Poewadarminta, 1937:504). Sawijining titikan carita kanuragan yaiku para pendhekare nduweni pusaka kang sekti. Pusaka kasebut digunakake kanggo nambahi kakuwatan lan kasektenane. Sajroning carita PKP, ora kabeh pendhekar nduwe pusaka sing katon mata. Ing kene bakal diandharake pusaka-pusaka sing diduweni dening Udin lan Bardi.
Udin minangka gurune Bardi sing kondhang kuwat nduweni sawenehing pusaka sing sekti. Dheweke nduwe pusaka sing bisa nyilakani wong liya. Emane, pusakane iku ora digunakake kanggo babagan sing becik. Dheweke nggunakake pusakane kanggo babagan sing ala. Jinis-jinis pusakane Udin kayata wesi aji Thothok Mala, keris Lar Bango, lan Batu Permata Mirah Dlima. Sapa wae sing kena pusakane Udin bisa nemoni cilaka. Babagan iku bisa kawaca saka pethikan ngisor iki:
“Gurune sing jenenge Udin iku duwe pusaka werna-werna. Ana pusaka sing diarani wesi aji Thothok Mala. Wangune wujud wesi, kaya tugelan wesi beton neser, keampuhane, yen dienggo nothok lawang pawon omahe tangga, wing duwe omah bakal ora krasan manggon ana omah kono. Suwening-suwe banjur pindhah. Luwih miris maneh yen Thothok Mala mau dienggo nothok lawang ngarep omahe tangga, sing nduwe omah mau bakal cures sak cindhil abange. Hiii... medeni.” (JB, No.40-2012: 23)
               
Cuplikan kang diandharake dening Bandi iku nuduhake menawa pusakane Udin pancen ampuh. Kabeh wong kaweden marang Udin amarga wedi menawa kena wesi aji thothok mala kasebut. Wong-wong padha ora gelem nggolek prekara karo dheweke. Thothok mala kasebut digunakake kanggo nothok lawang. Upama sing dithothok lawang mburi, wong sing nduwe omah ora krasan manggon ing omahe dhewe. Wong kasebut banjur ngalih saka omahe. Luwih gawat maneh menawa thothok mala digunakake kanggo nothok lawang ngarep. Cilakane yen sing dithothok lawang ngarep kabeh sing nduwe omah bakal mati nganti kabeh turunane sing isih bayi. Pusaka liyane yaiku keris lar bango. Keris kasebut tansah disengkelitake ing bangkekane. Saben Udin wis nggawa keris lar bango, dheweke bisa mlumpat nganti adoh. Kepengin mlumpati bengawan bisa klakon kanthi nggunakake keris lar bango kasebut. Pusaka kang pungkasan yaiku batu permata mirah dlima. Udin bisa sansaya sekti saka mirah dlima iku. Mirah dlima bisa ndadekake dheweke kebal, ora tedhas disuduk nganggo apa wae. Awake dadi kuwat lan atos menawa wis nggembol mirah dlima.

g.       Kapitayan
Sistem kapitayan minangka sawijine perangan saka budaya Jawa. Sistem kapitayan iku bisa arupa konsepsi ngenani paham-paham kang ucul saka pikirane manungsa, nanging uga bisa arupa paham-paham kang ana sajroning dongeng lan pranatan (Koentjaraningrat, 1981:230).  Sistem kapitayan kasebut tansah diugemi dening masyarakat Jawa wiwit jaman biyen nganti saiki. Miturut masyarakat Jawa kapitayan kasebut menawa dilirwakake bakal nekakake bebaya tumrap uripe. Tuladhane, wong Jawa umume nggunakake petungan dina nalika arep rabi, mbangun omah, pindhahan, lan liya-liyane. Wujud kapitayan masyarakat Jawa kang ngrembaka ing cerbung PKP maneka warna. Kapitayan-kapitayan kasebut tansah diugemi lan dicakake dening masyarakat.
Salah sawijine kapitayan ngenani mertamba menyang alternatif. Alternatif ing carita yaiku mertamba menyang kyai sing dianggep bisa nambani lelarane pawongan. Nalika Tony lara dheweke ditambakake menyang Pak Faizal. Saliyane iku ana wong liya sing lara mertamba menyang kyai saliyane Pak Faizal. Umume ing alternatif ngono iku digawani omben-omben kanggo sarate. Kahanan kasebut nuduhake babagan iki:
“Sik, ya. Aja kesusu. Kowe cah loro ana kene sik. Larane kancamu kuwi ora perlu dikuwatirake. Mengko dakgawani omben-omben, ben enggal diparingi waras dening Gusti Allah. Iku mung minangka sarat, sebab sing kuwaos paring waras iku ya mung Gusti Allah.” (JB, No.41-2012: 22)
               
Anane pethikan kasebut nuduhake menawa masyarakat sajroning PKP percaya marang tamba saliyane dhokter. Umume ditambani omben-omben arupa banyu bening. Babagan kasebut kayadene sugesti. Masyarakat kang percaya marang babagan kasebut umume bisa waras saka larane. Kadhangkala wong Jawa percaya marang wong tuwa utawa dhukun. Wong tuwa kasebut dianggep bisa ngatasi masalahe. Nalika Wulandari nulak dijodhokake, dening wong tuwane digolekake japa menyang wong tuwa.

h.       Ilmu Gaib
Ilmu gaib yaiku cara-cara kang digunakake dening manungsa kanggo menehi daya pangaribawa menyang alam sakupenge nganti dhaerah ing sakupenge kasebut nuruti pepenginan lan ancase. Cara-cara sajroning ilmu gaib iku ana ing sajabane akal pikirane manungsa. Dhasar-dhasar kang digunakake ilmu gaib iku dudu konsep utawa teori lan observasi nyata. Kang dadi dhasare ilmu gaib yaiku kapitayan marang kasekten lan gegayutan kausalitas miturut sesambungan-sesambungan asosiasi (Koentjaraningrat, 1981:276).
Masyarakat Jawa percaya marang ilmu gaib iku nyata anane. Adhedhasar tumindake ilmu gaib dibedakake dadi loro, yaiku ilmu gaib putih lan ilmu gaib ireng (Koentjaraningrat, 1981:279). Ilmu gaib putih yaiku ilmu kang nduweni piguna kanggo masyarakat lan kang menehi bathi sarta kabagyan marang sawijining pawongan. Ilmu gaib ireng yaiku ilmu gaib kang nekakake bebaya lan penyakit marang bebrayan, menehi rugi, lan kasengsaran marang wong liya. Tuladhane, kedadeyan kang dialami Supiati warga Yogyakarta. Sajroning wetenge Supiati ditemokake atusan paku. Paku kasebut dinuga asil saka santhet kiriman sawijine pawongan (Gilang:2012).
Ing cerbung PKP ana sawenehing ilmu gaib. Emane ilmu gaib sing kagolong ilmu gaib ireng. Nalika Tony lagi mlaku-mlaku karo Pak Faizal kekarone diweruhi cahya cumlorot awarna abang. Jebul cahya kasebut arupa teluh braja utawa santhet. Kahanan kang nuduhake babagan kasebut ing pethikan iki:
“Lha iya, asline aran teluh braja. Wong sing diluluti teluh braja njur bisa nyanthet barang. Sadurunge nggo nyanthet, ora ana buntute. Ning yen wis disambat nggo nyanthet, njur metu buntute kaya kae mau.” (JB, No.51-52,2012: 22)
               
Pethikan kasebut nuduhake sajroning PKP ana wong kang nggunakake ilmu gaib awujud teluh braja utawa santhet kanggo nyilakani wong liya. Pancen ana sawenehing pawongan sing nggunakake dalan ala kasebut kanggo males dhendham kanggo wong liya sing ora disenengi utawa wong kang nate nggawe atine gela.

i.         Tradhisi Saliyane Olah Kanuragan
Tradhisi olah kanuragan sajroning cerbung PKP wis ngrembaka ing kalangan masyarakate. Cerbung PKP nyaritakake kahanan masyarakat ing Jawa mligine laladan Banyuwangi. Banyuwangi kalebu wilayah Jawa Wetan sing isih kenthel adat istiadat lan tradhisine. Tuladhane, tradhisi sunatan masal ing Kelurahan Tukangkayu, Banyuwangi (Aji:2009). Ora mung arupa tradhisi olah kanuragan wae, pranyata ana sawenehing tradhisi liya sing nyengkuyung kahanane masyarakat sajroning cerbung PKP.
Salah sijine arupa tradhisi nalikane ngadhepi pahargyane paraga priya lan wanita sadurunge mangun bale somah utawa kang diarani lamaran. Bebrayan Jawa nduweni tradhisi kasebut nalika anak-anake wis antuk jodho. Sajroning tradhisi lamaran umume ana peningset. Miturut Yana (2012:62), peningset minangka simbol menawa calon manten anita wis diiket kanthi ora resmi dening calon manten priya. Peningset umume arupa ali-ali, dhuwit, lan oleh-oleh kang arupa panganan khas. Sajroning PKP, Wiwin dilamar dening Bardi. Wiwin ora gelem nampa lamaran kasebut, dheweke njaluk peningsete dibalekake. Kahanan kasebut bisa kawaca saka pethikan iki:
“... Moh, Bu, aku oleh Bardi. Peningsete balekake wae!” (JB, No.40-2012: 22)

Pethikan kasebut nuduhake menawa Bardi nalika nglamar Wiwin nganggo peningset. Emane Wiwin ora gelem nampa panglamare Bardi. Dheweke njaluk supaya peningsete dibalekake wae. Sejatine pancen Wiwin lan kulawargane durung menehi kaputusan tumrap lamarane Bardi iku mau.

3.         Wujude Kahanan Sosial Masyarakat Sajroning PKP
Cerbung PKP nyaritakake masyarakat Jawa kang urip ing laladan Banyuwangi. Sanajan saperangan piranti kang digunakake paragane wis kalebu moderen, nanging ora bisa diselaki menawa panguripane isih kagolong tradhisional. Babagan iki bisa katitik saka sistem pamikir para paragane kang isih ngemot kapitayan-kapitayan tartamtu. Wujud kahanan sosial budayane masyarakat sajroning cerbung PKP bakal diandharake ing ngisor iki.
a.      Pakaryan
Sajroning panguripane manungsa, pakaryan minangka masalah pokok amarga panguripan bisa dumadi saka sawenehing kabutuhan sing kacukupan. Manungsa nduweni raja brana amarga dheweke nyambut gawe. Jawa mujudake pulo kang nduweni lemah subur. Saka kahanan kasebut mula masyarakat Jawa akeh kang dadi tani. Saliyane olah tetanen masyarakat Jawa uga ana kang dadi nelayan. Jawa uga nduwe dhaerah pesisir kang amba banget, kagolong ing propinsi Jawa wetan. Adhedhasar data saka Badan Pusat Statistik Jawa Timur, pakaryan masyarakat Jawa wetan yaiku olah tetanen, ternak, nelayan, PNS, lan pegawe swasta (BPS Provinsi Jawa timur:2012).
Cerbung PKP nduweni latar panggonan ing dhaerah Banyuwangi lan Jember. Sajroning carita disebutake Kampung Pindhangan. Papan kang digunakake yaiku pasar ing Kampung Pindhangan. Anane pasar kasebut ndadekake salah sawijining pakaryan kang diduweni warga masyarakat PKP yaiku sudagar. Bapake Wiwin uga kalebu sudagar bathik. Kahanan kasebut bisa kawaca saka pethikan iki:
Ing sisih wetan, ana mobil box sing lagi muat barang. Yen disetitekake, kaya mobile Pak Juremi, sudagar bathik bapake Wiwin. (JB, No.46-2012: 23)

Pethikan kasebut nuduhake menawa salah sawijining pakaryan masyarakat sajrone cerbung PKP yaiku sudagar. Bapake Wiwin minangka sudagar bathik kang kalebu sukses. Dheweke kerep kulakan bathik menyang Yogja. Saliyane dadi sudagar, bapake Wiwin uga dadi pelukis.

b.      Agama
Agama ing masyarakat Jawa utamane agama Islam nduweni struktur sosial. Anane lingkungan masyarakat kang beda (padesan, pasar, lan kantor pamarentah) kang bebarengan karo mula bukaning sejarah kabudayan sing beda (gegayutan karo mlebune agama sarta peradaban Hindu lan Islam ing Jawa) ndadekake anane abangan, santri, lan priyayi (Geertz,1989:VII). Masyarakat sajroning PKP nduweni kapitayan marang sawijining agama. Agama kang diandharake sajroning carita yaiku agama Islam. Agama Islam minangka salah sawijine agama resmi ing Indonesia. Adhedhasar saka anane jinis agama Islam ing Jawa, agama ing PKP nuduhake menawa kagolong santri. Babagan ngenani agama Islam diandharake sajroning carita PKP kanthi akeh. Babagan iku bisa kawaca saka pethikan iki:
Tony banjur kandha, “Ngene lho pek, nalika budhal Jum’atan nyang mesjid, aku ketepakan bareng karo Pak Kyai Mukhlis. Karo mlaku sak urute dalan, Pak Kyai nakoni aku...” (JB, No.38-2012:23)
Pethikan kasebut nuduhake menawa masyarakat sajroning PKP ngenut agama Islam. Babagan kasebut dituduhake kanthi anane ngibadah Jemuwahan. Pak Faizal nalika nuturi muride uga manut aturan agama Islam. Agama Islam ora ngidini anane memungsuhan karo wong liya.

c.       Watak Guyub Rukun
Manungsa ing alam donya iki ora urip ijen. Manungsa urip karo kanca-kancane ing sawijine papan kanthi nduweni klompok-klompok tartamtu. Semono uga bebrayan Jawa, uga urip bebarengan kang diajab bisa salaras karo liyane. Kanggo njaga supaya bisa urip salaras kasebut, mula dibutuhake karukunan. Karukunan antarane anggota kulawarga, kanca, lan tangga teparo.
Masyarakat ing cerbung PKP nduweni karukunan. Masyarakat Kampung Pindhangan, Kalibaru, padha njaga karukunan. Urip rukun kang dituduhake maneka warna. Wujude karukunan kayata tulung tinulung lan kerja bakti. Salah sawijining tumindak tulung tinulung yaiku nalika Tony lara. Kanca-kancane Tony padha menehi pitulungan kanthi nggolekake tamba kanggo larane Tony. Kahanan iki bisa kawaca saka pethikan iki:
“Apike ngene wae, Ton. Bayu karo aku tak sowan mrana, saperlu nyuwun tamba. Mengko yen wis digawani tamba, tambane mau tak gawakne mrene. Ngono pa piye?” (JB, No.40-2012: 22)
Pethikan iku nuduhake menawa Bandi lan Bayu kepengin menehi pitulungan supaya Tony enggal waras. Bandi lan Bayu nggolekake tamba kanggo Tony menyang Pak Faizal. Kekarone mara menyang omahe Pak Faizal saperlu njaluk digawani omben-omben. Wusanane dening Pak Faizal ora digawani apa-apa. Dening Pak Faizal didongakake kanthi nyuwun marang Pangeran.

d.      Kenakalan Pemudha
Kenakalan pemudha mujudake tumindak kang nyimpang saka aturan-aturan. Babagan kasebut sejatine ngrusak pemudha sing tumindak nakal iku dhewe. Para pemudha umume ora seneng diatur. Dheweke kepengin nindakake samubarang kang disenengi sanajan tumindak kasebut bakal ngrugekake awake dhewe. Salah siji tuladhane kenakalan pemudha ing alam kasunyatan yaiku kedadeyan kang ditindakake dening bocah SMP ing Gunung Kidul. Dheweke ora ditukokake Blackberry dheweke milih minggat saka omah (Hidayah:2010).
Bayu sing minangka kancane Tony iku seneng urip sakarepe dhewe. Senengane saben bengi mbrebegi tangga teparone awit saka senengane nabuh piranti musik. Dheweke seneng banget marang seni musik. Ewasemono, dheweke ora ngerti wayah. Ketambahan maneh, dheweke wis ora gelem ngrewangi wong tuwane. Kahanan iki bisa kawaca saka pethikan iki:
Pencak silat iku gek arep nggo apa. Saiki jaman komputer. Wis kuna iku, wis ora njamani! Lha sing njamani?! Ya sing disenengi Bayu kuwi: orkesan! Kumpulane dijenengi Band Congoria. Dina-dina pegaweyane mung gitaraaan wae. Yen ra ngono nabuh drum, mbrebegi. Pak Jamal lan Bu Siti Afifah, bapak ibune, malih dadi gething banget. Saiki anake kuwi ora tau kena dikongkon. Ngancani bapake pendhak Pahing nyang pasar sapi wae, ngresula. Baune wis ora kena disambat blas. (JB, No.46-2012: 22)
Pethikan kasebut nuduhake menawa Bayu iku bocahe nakal. Dheweke senengane mung dolan karo kanca-kancane. Saben dina dolanan musik nganti ora ngerti wayah lan mbrebegi tanggane. Tumindake bayu sing kaya mangkono iku agawe gething wong tuwane. Awit saka senengane dolanan karo kancane, Bayu babar pisan wis ora gelem ngrewangi wong tuwane.

e.       Kadurjanan
Kadurjanan dumadi saka tembung durjana, kang tegese wong ala (Poerwadarminta, 1937:72). Kadurjanan mujudake lelakon kang ora asing maneh ing pranatan sosial. Kaya ngapa wae wujude kadurjanan iku mesthi bakal ngrugekake awake dhewe lan wong liya. Awit kadurjanan iku asipat ala, ngrugekake, mbebayani tumrap liyan, nglanggar hukum, lan mesthi wae ndadekake dosa. Tumindak-tumindak kadurjanan iku kerep didadekake rerembugan ing sawenehing papan panggonan. Ing masyarakat Jawa, tumindak kadurjanan akeh dumadi ing panguripan. Tumindak kadurjanna kang ana kayata maling, begal, lan rampog. Tuladhane kaya kang dumadi ing Desa Jajang Surat, Banyuwangi. Ana sawenehing rampog kang nganggo topeng lan nggawa clurit ngrampog ing salah sawijine omah. Rampog-rampog kasebut kasil nggawa dhuwit yutan rupiyah lan nggawa puluhan gram emas (Ziz:2006).
Sajroning cerbung PKP, ana sawenehing tumindak kadurjanan. Kadurjanan kang ana kayata rampog lan maling. Sajroning PKP dicaritakake menawa ing dhaerah Gunung Kumitir saiki lagi ora aman. Kerep dumadi tumindak kadurjanan dening sawene pawongan. Kadurjanan kasebut arupa rampog. Akeh wong sing dicegat nalika liwat dalanan Gunung Kumitir. Wong sing liwat kasebut banjur dirampog. Pethikane bisa kawaca ing isor iki:
Embuh apa sebabe, batine Tony kok krasa ora kepenak. Kuwatir, mengko gek ana begal ing satengahe ndalan. Keri-keri iki asring ana kedadeyan sing nrenyuhake. Perampogan, pembunuhan, perampasan mobil, lan bajing luncat ana ing laladan Gunung Gumitir. Mengko gek mobil box sing kebak bangkelan isi kain bathik iku dibegal ana satengahe Alas Mrawan. (JB, No.46-2012: 23)
Kahanan kasebut nuduhake menawa Tony kuwatir menawa mobile Pak Juremi uga dirempog dening para begal ing laladan Gunung Kumitir sing kawentar dadi papane durjana. Pranyata apa kang dikuwatirake Tony dadi kasunyatan. Mobile Pak Juremi sing ngemot bathik iku dicegat rampog.

D.      PANUTUP
1.       Dudutan
Adhedasar andharan bab wujud struktur sastra, mligine paraga lan pamaragan sarta aluring carita, wujud tradhisi olah kanuragan, sarta kahanan sosial PKP, bisa diandharake sawenehing dudutan kayata: kapisan, wujud struktur sastra, mligine paraga lan pamaragan sarta aluring carita. Paraga dibedakake dadi loro adhedhasar kalungguhane paraga sajroning carita, yaiku paraga utama lan paraga tambahan. Paraga utama ana loro, yaiku Tony lan Pak Faizal. Tony nduweni wewatekan meneng, anteng, sregep, nduweni grengseng kang gedhe tumrap gegayuhane, ora gampang marem marang kang dadi kabisane, lan ngajeni wong kang luwih tuwa. Ewasemono, Pak Faizal nduweni wewatekan ora gampang marem marang kang dadi kabisane, andhap asor, ora gelem pamer, tekun, seneng tetulung, lan wicaksana. Sabanjure paraga tambahan ana telu, yaiku Udin, Bardi, lan Wiwin. Udin nduweni wewatekan ala kayata licik, ladak, seneng tetulung nanging njaluk pamrih. Bardi nduweni wewatekan kang uga ala, yaiku seneng pamer lan seneng sesumbar. Ewasemono, Wiwin nduweni wewatekan grapyak, ngototan lan wanen. Aluring carita arupa alur campuran.
Kapindho, sajrone PKP diandharake wewujudan tradhisi olah kanuragan. wujude kayata: anane olah kanuragan, ancase olah kanuragan, piwulang agama Islam sajroning olah kanuragan, ngelmu kasekten, carane antuk kasekten, pusaka, kapitayan, ilmu gaib, tradhisi saliyane olah kanuragan kayata pahargyane paraga priya lan wanita sadurunge mangun bale somah utawa kang diarani lamaran, mantenan, lan sunatan.
Katelu, wujude kahanan sosial masyarakat sajroning PKP yaiku pakaryan, agama, karukunan, kenakalan pemudha, lan kadurjanan. Pakaryan bebrayan PKP yaiku bakul ing pasar, juragan bathik, pelukis, lan guru. Agaman kang diugemi sajroning bebrayan PKP yaiku agama Islam. Watak guyub rukun kang ditindakake bebrayan PKP yaiku seneng urip tulung-tinulung. Kenakalan pemudha kayata dolan ora ngerti wayah, minggat, kabeh pepenginan kepengin dituruti dening wong tuwane. Wujude kadurjanan yaiku maling lan mbegal. Anane kahanan sosial kang wis diandharake mau njalari anane tradhisi olah kanuragan ing masyarakat PKP. Tradhisi olah kanuragan digunakake kanggo njaga kaslametan saka sawenehing kadurjanan lan kanggo sarana tasawuf jalaran sajroning piwulang olah kanuragan ngandhut unsur agama Islam.

2.       Pamrayoga
Panliten kanthi asesirah Pendhekar Kampung Pindhangan Sawijine Fiksi Kanuragan: Tinthingan Sosio-Antropologis iki isih adoh saka sampurna. Kaajab ing tembe mburine, lan kanthi ngrembakane ilmu antropologi sastra sing nganggo aspek sosio-antropologis panliten liya bisa nliti babagan iki luwih sampurna.
Pamacane  PKP anggitane Imam H. kaajab kanthi anane skripsi iki, bisa mangerteni babagan kang kepengin diwedhar dening pangripta mligine bab aspek sosio-antropologise. Saliyane iku, panliten iki uga bisa aweh pambiyantu kanggo panliten ing sabanjure.

KAPUSTAKAN

Aminnudin. 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algensindo.
Damono, Sapardi Djoko. 1978. Sosiologi Sastra Sebuah Pengantar Ringkas. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Sastra Epistemologi, Model, Teori, dan Aplikasi. Yogyakarta: Pustaka Widyatama.
Endraswara, Suwardi. 2006. Mistik Kejawen Sinkretisme, Simbolisme, dan Sufisme dalam Budaya Spiritual Jawa. Yogyakarta: Narasi.
Fathoni, Abdurrahmat. 2005. Antropologi Sosial Budaya Suatu Pengantar. Jakarta: Rineka Cipta.
Geertz, Clifford. 1989. Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa. Jakarta: Pustaka Jaya.
H., Imam. 2012. Pendhekar Kampung Pindhangan. Surabaya: Panjebar Semangat.
Koentjaraningrat. 1981. Beberapa Pokok Antropologi Sosial. Jakarta: P.T. Dian Rakyat.
Luxemburg, Jan Van, Mieke Bal, dan Willem G. Weststeijn. 1984. Pengantar Ilmu Sastra. Jakarta: Gramedia (Terjemahan Dick Hartoko).
104
 
Moleong, J. Lexy. 2011. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Remaja Rosdakarya.
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.
Ratna, Nyoman Kutha. 2011. Antropologi Sastra Peranan Unsur-unsur Kebudayaan dalam Proses Kreatif. Yogyakarta: Pustaka Pelajar
Ratna, Nyoman Kutha. 2009. Teori, Metode, dan Teknik Metodelogi Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Saraswati, Ekarini. 2002. Sosiologi Sastra Sebuah Pemahaman Awal. Malang: UMM Press.
Sudardi, Bani. 2003. Sastra Sufistik Internalisasi Ajaran-ajaran Sufi dalam Sastra Indonesia. Solo: Tiga Serangkai Pustaka Mandiri.
Sudikan, Setya Yuwana. 2007. Antropologi Sastra. Surabaya: Unesa University Press.
Supriyanto, Teguh. 2007. Teks dan Ideologi Studi Sastra Populer Cerita Silat. Semarang: Unnes Press.
Sutardi, Ayu & Setya Yuwana Sudikan. 2008. Pemetaan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur Sebuah Upaya Pencarian Nilai-nilai Positif. Jember: Biromental Spiritual Pemerintah.
Teeuw, A. 1988. Sastra dan Ilmu Sastra Pengantar Teori Sastra. Jakarta: Girimukti Pasaka.
Yana, 2012. Falsafah dan Pandangan Hidup Orang Jawa. Yogyakarta: Bintang Cemerlang.
Abshar, Chaerul. 2012. Cerita Silat, Melengkapi
Perjalanan Sastra Indonesia
. http://www.suarakarya-online.com. Diakses tanggal 20 Januari 2013.