Sabtu, 24 November 2012

terusan menyambut 3rd annive

dengan bodohnya aku nurut aja sama ajakan dia. naik permainan yg diputer2 gt.. sama mas petugasnya sebenernya uda ditanay masih kuat g?aku jwab aja klo kuat.pas mulai maen orang2 pada terika2..aku uda ga bisa teriak lagiuda muaaaal banget rasanya. pas permainan baru dapet setengah, pas pelan2nya, aku melambai2kan tangan kaya ujia nyali gt.sma mas petugsa lgsung dihentikan dan aku diturunkan.bgtu keluar..em..langsung saya muntah2 pemirsa..
fiuuh..gara2 pendulum, acara liburan saya berantakan. aku ga kuat jalan, ga kuat ngapa2in. dan muntah 2x. yg kedua sengaja aku muntahin. soalnya kalo g gt malah ga sembuh2. setelah muntah yg kedua aku pun langsung sehat :D
yei...lepas jaket lagiii!!! petualangan berlanjut ke rumah hantu dan nnton 3D robbin hood. seruuu.. jam 2 kita menelusuri jalan keluar dari jatim park.. genggaman tangannya...hmmm.....menghangatkan dan menyamankan hati. terimakasih untuk kebahagiaaan menyambut 3rd anniversary kita sayoonk.. love u.. :*

menyambut 3rd anniversary

sebenernya punya rencana buat maen tuh uda lama banget.tapi baru terealisasi kemaren pas tanggal 23 November 2012. sebenernya rencana berangkat tanggal 1 desember. gak tau kenapa tiba2 jadwal diganti 1 hari sebelum berangkat.hm..bener2 surprise :)
setelah menelaah dan menimbang akhirnya kami memutuskan untuk memilih kota Batu, Malang, Jawa Timur, Indonesia, Asia Tenggara, hihihihi.sebelumnya tuh kita berdua galau banget antara ke Bromo, WBL, atau Malang. kenapa kita memilih Malang? alesan yang pertama, kalo ke Bromo itu perjalanannya sama kayak Surabaya-Magetan, alias 3-4 jam. ebuset...cuma berdua, naek motor, belum tau jalannya juga. kalo ke Bromo enaknya rame-rame. terus kalo ke WBL..em..kita rasa kurang romantis buat acara kita ini.kalo maen biasa okelah, ini kan lagi dalam rangka itu gituh..hehe
alhasil kita berangkat hari jumat tgl 23 November 2012, dari Surabay jam berapa ya?belom ada setengah 3 deh pokoknya. kita ngeBeat dari kosan sampe Batu. capeknya ga terasa sih kalo menurutku.hihihihi
setelah dinner, ceileee dinner..padahal cuman makan nasi goreng sama minum jeruk anget,haha.. kita langsung cus ke Batu Night Spectacular (BNS). gak kaget sama hawanya yang dingin, soalnya uda denger kabar kalo Batu itu dingin. dan kebetulan saya asli Magetan yang konon juga berhawa dingin. jadi uda biasalah dengan yang dingin-dingin. :D
romantis..itu yg ada di pikiranku ketika masuk BNS. lampu2nya warna-warni!!FYI sist,bray, buat yg belom tau tiket masuk BNS cuma 15rb rupiah. tapi..tapi..kalo pengen maen2 sama wahananya ya bayar lagi.ga paketan gitu..contohnya, masuk ke lampion garden bayar 10rb, naik sepeda udara bayar 12.500. aku sih milih ke lampion garden. alesannya karena hemat, hobi foto, dan ga pengen mainan di BNS, kan besoknya gitu mau ke Jatim Park 1.nih fotonya nih..

nah keesokan harinya, Sabtu 24 November 2012, kita pergi ke Jatim Park 1. sempet bingung juga tuh, melihat kondisi uang dan ada jatim park 1 atau 2, kita bingung pilih yg mana. akhirnya kita pilih ke jatim park 1. ya 1 dulu lah ya, jangan 2 dulu.kapan2 kalo ada rejeki (Dan semoga ada, amin) ganti ke jatim park 2. kita terlalu bersemangat dan terlalu rajin (giliran kuliah aja ga begitu -_-), masih jam 09.00 kita dah berangkat. thet terethethet,,,ternyata bukanya jam 10.00. yasudah kita manfaatin waktu 1 jam itu buat ke alun-alun kota Batu. kayaknya guwe harus bilang WAUW deh.. alun-alun aja kayak gitu bagusnya. bisa buat objek foto-foto lagi :D
ihi ihi...em..terharu liat foto itu.soalnya foto yg berdua cuma punya itu. ngeneees hiks. yang ada di benakku tentang kota Batu adalah, kota ini kaya. dia punya pendapatan yang banyak, mulai dari sektor pariwisata yg berjibun ngumpul di batu seperti Jatim Park 1&2, BNS, selecta, songgoriti, waterpark, dan masih banyak lagi. sehingga kota ini pun berani bikin alun2 yang WAW juga. jadi alun-alun pun bisa jadi tempat wisata, meskipun ga pake biaya masuk tapi dikenai parkir 2rb perak. tambah lagi pajak2 dari universitas2 dll. ckckckck..kagum deh.
oke waktupun terus berjalan, dan sampailah kita di jam 10 pagi. yippii...jatim park 1 uda buka niih... kita telusuri jalanan Batu yang dingin itu menuju Jatim Park 1. sebelumnya adakah yang belom tau ada apanya sih jatim park 1 itu? bebeh, jatim park 1 itu merupan tempat belajar dan rekreasi. kurang lebih aku jelasin di sini. masuk parkir motor 2rb, terus biaya tiketnya kalo weekday 60rb/orang.hari senin-kamis 50rb/orang.itu uda biaya paketan, mau maen di wahana apapun uda ga perlu bayar lagi, kecuali maen gokart. pas masuk kita disambut dengan adanya gong raksasa,
gedhe banget yak?baguus...rute pertama adalah tentang etnik Indonesia.dari sabang sampai merauke ada di situ tuh, digambarin lewat patung2nya. rute ke-2 tentang sains. hayo siapa dulu yg SMA nya ngambil jurusan IPA?atau di SD-SMPnya belajar IPA?masuk sana semacam flashback waktu praktikum di sekolah dulu. kalo aku sih uda banyak lupanya, jadi ya semacam belajar lagi gitu di sana.haha. rute ke-3 adalah agro tanaman dan buah2an yg ada di Indonesia. rute ke-4 tentang candi2 yang ada di Jawa Timur. contohnya apa coba? ya kayak candi kalasan, singasari, dsb. dari candi-candi kita menuju rute ke-5 yaitu tentang baby zoo. jadi cuma ada beberapa hewan doang. kaya kucing, bajing, kambing, dan beberapa lagi. setelah itu nglewatin wahana permainan khusus anak-anak.
nah, aku ada cerita nih pas di wahana kids. ada yg dipatok berat badan maksimal 50kg.hm..itung2 nimbang dan pengin naik itu, aku pun me-mede-kan diri untuk ikut naik bersama anak2 kecil.di depanku tuh anak2 kecik semua, sama petugasnya langsung dilolosin masuk.lha tibalah giliran saya, dan pak petugas bilang gini "mbak, untuk dewasa mari timbang dulu". oh rasanya mak jleb! muka emang kaga bisa boong ye?haha.untung saya langsing, 46kg mamen... lolos audisi deh..haha. si dia cuma senyum2 aja, paling dalam hatinya dia malu punya pacar saya.haha, bodo amat..pengen sih :D
yah namanya juga permainan buat anak kecil, aku yg katanya pak petugas "dewasa" ini, dan memang harus diakuin gt, ngerasa biasa2 aja, sensasinya kurang gituh. anggep aja itu td pemanasan buat menyambut permainan dewasa. abis itu mulai grimis..wah eke panik jeung..berdoa dalam hati meminta supaya ga hujan. alhamdulilah ga jadi hujan. :)
melewati permainan air (baca:kolam renang). aku gak tertarik sama sekali.soalnya ga pengen basah2an..pas liat permainan buat dewasa aku langsung bilang "WAUW..pengen naik itu, pengen itu, itu juga, yang sana boleh juga".dari depan tuh aku uda baca kalo ada wahana baru namanya Pendulum. pas liat2 wah..itu harus dicoba!.beneran nih aku sama dia langsung nyoba itu. aku semngat banget, lucunya si dia uda berasa mual duluan. aku ketawain terus tuh dia. kemudian terjadilah detik2 menegangkan. gak bisa diungkapin pake kata2. extreeeem!!! busetdah... asli sumpah ngeri! kayak mau mati! diputer2 dihempas2 atas bawah kanan kiri! kalo emang cowo ataupun kalo emang ngerasa berani loe harus nyoba ini, nyoba "PENDULUM LAKNAT" ini!
itu bukan fotoku, sayang banget aku ga punya kenang2an foto dengan pendulum itu. foto itu hasil dari googling. dan gara2 pendulum itu perutku langsung mual2, pusing, kringet dingin. baru 5 menit eh si dia uda ngajak naik space apa gt.

Selasa, 20 November 2012

Kosok Balen Ngenani Warna


KOSOK BALEN NGENANI WARNA
Dinda Mulia Erdiastuty
092114009-A

A.     Purwaka
Kosok balen iku kalebu relasi makna. Kang diarani kosok balen yaiku tembung, frasa,bisa uga ukara kang nduweni walikan karo tembung, frasa, utawa ukara sing liyane. Kosok balen mono sing walikan dudu tembunge, nanging maknane. Kosok balen ing basa Jawa bisa kaperang dadi papat, yaiku kosok balen majib, kosok balen maneka warna, kosok balen sesambungan, lan kosok balen undha usuk.
Ing makalah iki diandharake kosok balen ngenani warna. Warna akeh banget jinise, mula warna arep disambungake karo kosok balen. Ing kene diandharake tegese kosok balen, jinise kosok balen, wujude warna, lan wujude kosok balen ngenani warna.
Kosok balen ngenani warna durung dirembug dening para ahli ing buku-bukune. Mula saka kuwi makalah iki diterangake kosok balen ngenani warna. Makalah iki minangka asiling panliten ngenani kosok balen warna sing diandharake kanthi cara njlentrehake saka sumber dhata kang wis diolehi kanthi cara nggoleki saka buku-buku, lan takon langsung marang bebrayan.
Ancas diandharake topik iki kanggo menehi tetenger lan perangane kosok balen ngenani warna. Saliyane iku supaya bisa nambahi pangrembakane ilmu semantik yaiku ngenani kosok balen mligine kosok balen ngenani warna.

B.     Andharan
Ing kene arep diterangake ngenani tegese kosok balen, warna, lan wujude kosok balen ngenani warna. Sajrone tegese kosok balen uga diterangake jinise kosok balen, lan sajrone warna uga diterangake jinise warna.

1.      Tegese Kosok Balen
Para ahli akeh kang ngandharake tegese kosok balen. Ahli siji lan sijine nduweni panemu kang beda-beda. Kayata Sasangka (2008:225) kosok balen yaiku tembung, frasa, utawa ukara kang nduwe teges walikan karo tembung,  frasa, lan ukara liyane. Dene Verhaar (1978:133) kosok balen yaiku andharan (biyasane arupa tembung, nanging uga bisa  awujud frasa utawa ukara) kang maknane dianggep walikan saka makna andharan liyane. Chaer (1990: 91) kosok balen yaiku tembung kang tegese dianggep walikan saka tembung liyane, lan kosok balen bisa ditegesi minangka jeneng liya kanggo samubarang liyane. Saliyane kuwi Wijana lan Rohmadi (2011:25) kosok balen yaiku tembung kang miturut cacah lan sipate nduweni walikan makna. Lan Keraf (2006:39) kosok balen yaiku relasi antarane makna kang wujud asline beda banget utawa walikan.
Nanging saka teges-teges kasebut intine padha, yaiku kosok balen minangka walikane makna, dudu walikane tembung utawa ukara. Mula saka kuwi sing diarani kosok balen yaiku tembung bisa uga frasa lan ukara kang nduweni makna walikan karo tembung, frasa, utawa ukara sing liyane. Kosok balen ora mung lumaku ing antarane tembung karo tembung, ukara karo ukara,  nanging uga bisa lumaku antarane tembung karo frasa, lan frasa karo tembung.
Kosok balen sajrone basa Jawa kaperang dadi patang jinis, yaiku kosok balen majib, kosok balen sesambungan, kosok balen maneka warna, lan kosok balen undha usuk. Banjur ing kene diterangake tegese jinis kosok balen iku mau lan tuladhane.
a.      Kosok balen majib
Kosok balen majib yaiku kosok balen kang dumadi saka rong perangan, sarwa loro. Kosok balen jinis iki ora bisa diganti karo tembung sing liyane. Kosok balen majib uga bisa diarani kosok balen kembar.
Tuladha:
1)     mati >< urip
2)     merem >< melek

b.      Kosok balen maneka warna
Tembung ing kosok balen iki nduweni walikan luwih saka siji. Tembung-tembung sing dikosokbalekake ing jinis kosok balen maneka warna iki nuduhake tembung-tembung sing sagolongan. Upama mlaku kosokbaline mesthi tembung-tembung saka solah bawane sikil. Durung mesthi mlayu, nanging bisa lungguh utawa ngadeg. Dadi ora bisa yen mlaku iku kosokbaline mawar, mlathi, utawa abang, biru.
Tuladha:
mlaku


                        mlayu                          ngadeg            lungguh           ndheprok        
c.      Kosok balen sesambungan
Makna tembung-tembung kosok balen sesambungan iki nduweni sipat kang padha njangkepi. Tegese, anane tembung siji amarga ana tembung liyane kang dadi kosok baline. Tanpa anane kekarone mula kosok balen iki ora ana. Amarga perangan pasangan kosok balen iku nduweni sesambungan kang raket.
Tuladha:
1)     guru><siswa
2)     dosen >< mahasiswa
3)     bapak >< anak
4)     ibu >< anak
d.      Kosok balen undha usuk
Makna tembung-tembung ing kosok balen iki ngandharake anane undha usuk. Undha usuk sing dikosokbalekake iku mau undha usuk sadrajat.
Tuladha:
Pak Jono wong iku kalebu wong mlarat ing desaku, ora kaya Pak Tarjo sing sugih, nanging sugihe Pak Tarjo ora sepira yen klawan Pak Tono sing sugih mblegedhu.

2.      Warna
a.      Tegese Warna
Poerwadarminta (1937:657) warna yaiku rupa utawa coraking rupa. Ing kawruh alam warna yaiku spektrum tartamtu sing ana sajroning cahya sampurna (warna putih). Jinis sawijine warna ditemtokake dawane glombang cahya kasebut. Sajroning piranti optis warna bisa ditegesi campuran telung warna utama cahya, yaiku: abang, ijo, lan biru sing dicampur sajroning komposisi tartamtu. Upama campuran 100% abang, lan 100% biru bakal ngasilake warna biru. Sajroning seni rupa, warna bisa ateges pantulan tartamtu saka cahya sing dipangaribawani dening pigmen kang ana ing ndhuwure samubarang. Sajroning ilmu warna, ireng dianggep minangka ora anane sakabehe jinis warna. Dene putih dianggep minangka wujud anane sakabehe warna kanthi ukuran selaras. Kanthi ilmiah, ireng lan putih dudu warna, sanajan bisa dituwuhake ing wujud pigmen.
Saben warna bisa menehi tetenger tartamtu miturut kahanan sosial pamawase. Upama warna putih bisa menehi teges suci lan adhem ing negara Kulon amarga sairip karo salju. Dene akeh-akehe ing negara Wetan warna putih menehi teges sing sesambungan karo mati lan medeni banget. Amarga sairip karo kain mori (sanajan kanthi teoritis putih sejatine dudu warna).
Warna nggawe samubarang bisa katon. Warna nduweni sipat kaendahan, kaya kluwung kang nduweni warna cacah pitu sing metune nalika bubar udan banjur ana cahya srengenge. Warna uga nduweni sipat mistis upamane warna ireng, sing umume dienggo tukang sulap, lan tukang ngramal. Tumrap ilmu ramalan sipat manungsa bisa dideleng saka warna sing disenengi. Upama ana pawongan seneng warna ijo, tegese dheweke seneng urip kang kebak rasa tentrem kaya dene tetuwuhan kang ijo royo-royo bisa nyegerake pikiran. Sing seneng warna abang nduweni sipat kang kebak rasa semangat. Warna bisa uga nduweni teges tartamtu tumrap samubarang. Kayata tegese warna ing gendera-gendera. Yen negara Indonesia genderane arupa abang lan putih, abang tegese wani, putih tegese suci. Warna ing gendera iku ora mung ngemu teges nanging ngemu makna sing gedhe banget. Warna ing lampu lalulintas utawa lampu bangjo. Ana warna abang, kuning, lan ijo. Abang tegese kabeh sing numpak kendharaan kudu mandheg, kuning kudu ati-ati, ijo bisa mlaku maneh. Saka kene bisa didudut yen warna iku minangka lambang lan nduweni teges-teges tartamtu tumrap samubarang.

b.     Jinise Warna
Warna kuwi nduweni jinis akeh. Saben samubarang nduweni titikan warna sing beda-beda. Ing ngisor iki dijlentrehake jinise warna kang diandharake ing buku babagan warna.
1)     Warna utama
Yaiku warna dhasar kang ora dumadi saka campuran warna-warna liyane. Kang kalebu warna utama yaiku warna abang, kuning, lan biru.
2)     Warna kaloro
Yaiku asil saka campuran warna-warna primer kanthi ukuran tartamtu. Warna-warna sekunder iku kaya ing ngisor iki:
a)     abang lan kuning dadi kunir bosok
b)     biru lan kuning dadi ijo
c)     abang lan biru dadi wungu
3)     Warna tersier
Yaiku campuran warna utama lan warna kaloro. Upama warna kunir bosok rada kuning asale saka warna kuning lan kunir bosok.
4)     Warna komplementer
Warna komplementer yaiku pasangan warna murni kayata abang lan ijo, wungu lan kuning, sarta biru lan abang, nalika warna-warna iku dideleh kanthi cedhak siji lan sijine, mula yen warna abang bakal katon sansaya abang, ijo katon sansaya ijo.
5)     Warna netral
Warna netral yaiku asil campuran telung warna dhasar. Warna iki asring tuwuh minangka kanggo nylarasakake warna-warna kontras ing alam. Lumrahe asil campuran kang pas bakal dadi warna meh ireng.
Dene ing basa Jawa uga akeh tinemu jinise warna. Ing ngisor iki diandharake jinise warna-warna ing basa Jawa.
1)     Warna dhasar
Warna dhasar yaiku warna sing surasane pas, ora mbanget uga ora kurang surasane. Kang kalebu warna dhasar yaiku:
a)     abang
b)     ireng
c)     putih
d)     kuning
e)     ijo
f)      biru
g)     wungu
h)     soklat
Saka warna dhasar iku bisa dijlentrehake nganggo fitur distingtif kaya mangkene:
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
abang
+
+
+
+
+
+
100%
ireng
+
+
+
-
-
-
50%
putih
-
-
+
+
-
+
50%
ijo
+
+
+
+
+
+
100%
biru
+
+
+
+
+
+
100%
kuning
+
+
+
+
+
+
100%
soklat
+
+
+
+
+
+
100%
wungu
+
+
+
+
+
+
100%

Saben warna dhasar iku nduwe jinis sing akeh. Ing ngisor iki ana jinise warna dhasar sing digolongake miturut warna dhasare. Banjur jinise warna dijlentrehake nganggo fitur analisis distingtif.
(1)    Abang
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
abang
+
+
+
+
+
+
100%
abang mbranang
-
-
+
-
-
-
17%
abang ngatirah
+
+
+
-
-
-
50%
abang ireng
-
+
-
-
-
-
17%
abang dubang
+
+
+
-
-
-
50%
abang jrabang
-
-
+
-
-
-
17%
abang mangar-mangar
-
-
-
-
+
+
33%
abang tuwa
-
+
+
-
-
-
33%
abang enom
-
-
-
-
+
+
33%
abang lambe
-
-
-
+
+
+
50%
jambon
-
-
-
+
+
+
50%
jambon tuwa
-
+
+
-
-
-
33%
jambon enom
-
-
-
-
+
+
33%
jingga
-
-
-
-
+
+
33%
kapila
-
-
-
+
+
+
50%
dadu
-
-
-
+
+
+
50%

(2)    Ireng
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
ireng
+
+
+
+
+
+
100%
ireng thuntheng
+
+
+
-
-
-
50%
ireng njanges
+
+
+
-
-
-
50%
ireng meles
+
+
+
-
-
-
50%
ireng njlitheng
+
+
+
-
-
-
50%
ireng cemani
+
+
+
-
-
-
50%
ireng manis
-
-
-
+
-
-
17%
ireng mangkak
-
-
-
-
-
+
17%
ireng mbulak
-
-
-
-
-
+
17%
klawu
-
-
-
-
-
+
17%

(3)    Ijo
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
ijo
+
+
+
+
+
+
100%
ijo lumut
-
+
+
-
-
-
33%
ijo royo-royo
-
-
+
-
-
-
17%
ijo pupus
-
-
-
-
+
+
33%
ijo gadhung
-
-
-
-
+
+
33%
ijo tuwa
+
+
+
-
-
-
50%
ijo enom
-
-
-
-
+
+
33%

(4)    Kuning
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
kuning
+
+
+
+
+
+
100%
kuning gadhing
-
-
-
+
+
+
50%
kuning gumrining
+
+
+
-
-
-
50%
kuning langsep
-
-
-
-
+
+
33%
kuning mrusuh
-
-
-
-
+
-
17%
kuning tuwa
+
+
+
-
-
-
50%
kuning enom
-
-
-
-
+
+
33%
kapuranta
+
+
+
-
-
-
50%

(5)    Biru
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
biru
+
+
+
+
+
+
100%
biru mangsi
+
-
+
-
-
-
33%
biru kecu
-
-
+
-
-
-
17%
biru tuwa
+
+
+
-
-
-
50%
biru enom
-
-
-
-
+
+
33%
biru laut
-
-
-
-
+
+
33%
biru dhongker
-
+
+
-
-
-
33%

(6)    Putih
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
putih
-
-
-
+
-
-
17%
putih memplak
-
-
-
-
-
+
17%
putih mlinthih
-
-
-
+
-
-
17%
putih njelih
-
-
-
+
-
-
17%
krem
-
-
-
-
-
+
17%


(7)    Soklat
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
soklat
-
-
+
+
-
-
33%
soklat tuwa
+
+
+
-
-
-
50%
soklat enom
-
-
-
-
+
+
33%
sawo mateng
-
-
-
-
+
-
17%
kunir bosok
-
-
+
-
+
-
33%

(8)    Wungu
WARNA
FITUR
%
CERENG
TUWA
KANDEL
NANDHES
ENOM
TIPIS
wungu
+
+
+
+
+
+
100%
wungu terong
-
+
+
-
+
-
50%
wungu tuwa
+
+
+
-
-
-
50%
wungu enom
-
-
-
-
+
+
33%

2)     Warna sing banget
Warna sing banget iku tegese nduwe surasa sing mbanget. Saperangan warna sing banget iku ana sing kalebu warna ing awak manungsa, warna ing kewan, warna ing tetuwuhan, lan warna ing samubarang. Awake manungsa nduwe warna sing banget, yaiku warna abang mbranang tumrap pasuryan sing lagi nesu lan biru kecu nalika kahanan kadhemen. Warna kulit kuning langsep, warna rambut ireng meles lan abang njrabang. Warna ing kewan kayata ireng cemani tumrap pitik, lan ireng jlitheng tumrap jangkrik. Warna tumrap tetuwuhan yaiku ijo royo-royo lan ijo lumut. Dene warna tumrap samubarang bisa nduwe kabeh warna sing banget. Kang kalebu warna sing banget iku ing antarane:
a)     abang mbranang
b)     abang ireng
c)     abang njrabang
d)     abang dubang
e)     abang ngatirah
f)      jingga loka: abang tuwa
g)     ireng thuntheng
h)     ireng njanges
i)       ireng njlitheng
j)       ireng cemani
k)     ireng meles
l)       ijo lumut
m)    ijo royo-royo
n)     kuning gumrining
o)     kuning langsep
p)     putih njelih
q)     putih mlinthih
r)      putih memplak
s)      biru kecu
t)       biru dhongker
u)     biru mangsi

3)     Warna sing surasane kurang
Warna diarani surasane kurang yen nduwe warna sing ora pati ketara. Saperangan warna sing surasane kurang iku ana sing kalebu warna ing awak manungsa, warna ing kewan, warna ing tetuwuhan, lan warna ing samubarang. Awake manungsa nduwe warna sing surasane kurang, yaiku warna abang mangar-mangar tumrap pasuryan sing lagi kepanasen kena panas srengenge. Warna ing kewan yaiku ijo gadhung tumrap ula gadhung. Warna ing tetuwuhan kayata jambon lan kapila tumrap kembang. Ijo pupus lan ijo gadhung tumrap godhong, lan kuning gadhing tumrap gadhing. Dene warna tumrap samubarang bisa nduwe kabeh warna sing surasane kurang. Kang kalebu warna sing surasane kurang kayata:
a)     abang mangar-mangar
b)     jambon
c)     kapila: abang enom
d)     biru laut
e)     ijo pupus
f)      ijo gadhung
g)     kuning gadhing

4)     Warna campuran
Warna campuran yaiku asil saka campuran warna-warna. Saperangan warna campuran iku ana sing kalebu warna ing awak manungsa, warna ing kewan, warna ing tetuwuhan, lan warna ing samubarang. Awake manungsa nduwe warna campuran, yaiku warna soklat tumrap warna kulit. Warna ing kewan yaiku soklat lan klawu sing umume minangka ules kewan. Warna ing tetuwuhan kayata soklat, wungu, lan kunir bosok. Dene warna tumrap samubarang bisa nduwe kabeh warna campuran. Sing kalebu warna campuran kayata:
a)     soklat: campuran warna kuning, biru, lan abang
b)     wungu: abang campur biru
c)     krem: soklat campur kuning
d)     klawu: ireng campur putih
e)     kunir bosok: abang campur kuning

3.      Wujude Kosok Balen Warna
a.      Warna ing Kosok Balen Majib
Kaya sing wis diandharake ing ndhuwur, kosok balen majib yaiku kosok balen sing ora bisa diganti dening tembung sing liyane. Ing babagan warna, sing bisa kalebu ing kosok balen majib yaiku:
1)     Warnane mas-masan: kuning><putih
2)     Warna sing umume dienggo pepindhan sipat utawa atine manungsa: putih><ireng
Umume wong sing sipate apik atine diarani putih, dene sing sipate elek diarani ireng.
3)     Warnane daging semangka: abang >< kuning

b.     Warna ing Kosok Balen Maneka Warna
Salah sawijine warna ora mesthi nduweni kosok balen cacah siji. Sawarna bisa nduweni kosok balen luwih saka siji. Amarga iku kosok balen ngenani warna bisa kagolong kosok balen maneka warna. Sing diarani kosok balen maneka warna yaiku kosok balen kang dumadi ing tembung kang nduweni golongan tembung sing bisa dikosokbalekake. Upama abang kosokbaline ora mung putih, nanging bisa uga ireng utawa ijo. Kabeh iku mau nduweni golongan tembung siji yaiku warna. Pasangan kosok balen jinis iki yen salah sijine dikosokbalekake nuduh marang tembung liya sing minangka anggota sajroning golongane.
1)     Warna ing awake manungsa
Perangan awak manungsa nduwe sesebutan warna kang beda-beda. Warna kulit kayata kuning langsep, ireng manis, sawo mateng, ireng mangkak lan kuning mrusuh. Warna rambut kayata ireng meles, putih memplak, lan abang njrabang. Warna manik kayata ireng, klawu, biru, lan soklat. Mula saka jinis warna kang akeh iku bisa dilebokake ing jinis kosok balen maneka warna.
a)     kulit: kuning mrusuh >< ireng manis >< sawo mateng
b)     rambut: ireng meles >< putih memplak >< abang njrabang
c)     manik: ireng >< soklat >< klawu

2)     Warna ing kewan
a)     ulese kewan: ireng >< putih >< soklat >< abang >< klawu
b)     wulune kewan iberan: ireng >< putih >< soklat >< abang
c)     sisik iwak: ireng >< putih >< soklat >< abang >< klawu >< kuning

3)     Warna ing tetuwuhan
a)     godhong: ijo >< kuning >< soklat
b)     kembang: jambon >< wungu >< kunir bosok
c)     kulit woh-wohan: soklat >< abang >< wungu

4)     Warna ing samubarang
a.      piranti: abang >< kuning >< ijo
b.      panganan: putih >< soklat >< jambon
c.      sandhangan: ireng >< klawu >< krem                                                  
Tembung-tembung kang nduweni kosok balen sajroning klompok-klompok iku diarani kosok balen maneka warna amarga saben samubarang ora mung nduweni kosok balen siji, nanging walikane bisa luwih saka siji.
abang               kuning

ijo                       biru
Warna siji lan sijine, saliyane padha mbedakake awake dhewe, nduweni kalungguhan sing padha, ora nduweni undha usuk utawa ora duwe urutan. Ing kosok balen iki sing wigati banget yaiku tembung-tembung sing diasilake saka kosok balen iki isih mujudake tembung-tembung sing sagolongan utawa sak set. Dadi warna abang kuwi ora bisa dikosokbalekake karo seneng, susah, mawar, mati, lan liyane amarga tembung-tembung kuwi ora sagolongan utawa ora sak set karo tembung-tembung kang aran warna.

c.      Warna ing Kosok Balen Sesambungan
Warna  ing basa Jawa umume ora mung abang, kuning, ijo, biru, ireng, putih, nanging ing kasunyatane jeneng saka warna-warna iku nduweni gandhengan. Jeneng-jenenge warna mau nduweni sesambungan karo gandhengane. Warna-warna iku ing antarane:
1)     abang dubang: diarani abang dubang amarga warnane abang banget kaya dene idu abang, saengga abang disambungake karo idu abang.
2)     ireng cemani: diarani ireng cemani amarga ireng banget kaya dene irenge pitik cemani, saengga ireng disambungake karo cemani.
3)     ireng meles: diarani ireng meles amarga irenge katon gilap, saengga ireng disambungake karo ireng meles.
4)     kuning gadhing: diarani kuning gadhing amarga warnane kuning kaya dene klapa gadhing, saengga kuning disambungake karo warnane gadhing.
5)     kuning langsep: diarani kuning langsep amarga kuninge kaya dene warnane kulit woh langsep, saengga kuning disambungake karo langsep.
6)     kunir bosok: diarani kunir bosok amarga warnane kaya dene kunir bosok, saengga disambungake karo kunir bosok.
7)     wungu terong: diarani wungu terong amarga wungune kaya dene kulit terong, saengga wungu disambungake karo warnane kulit terong.
8)     ijo pupus: diarani ijo pupus amarga warnane ijo enom kaya dene pupus godhong sing isih enom, saengga ijo disambungake karo pupus.
9)     ijo lumut: diarani ijo lumut amarga warnane ijo banget kaya dene lumut, saengga ijo disambungake karo lumut.
10)   biru mangsi: diarani biru mangsi amarga warnane biru banget kaya dene mangsi, saengga biru disambungake karo mangsi.
11)   biru laut: diarani biru laut marga birune kaya dene laut (segara), saengga birune disambungake karo laut (segara).
12)   sawo mateng: diarani sawo mateng amarga warnane soklat kaya dene kulit sawo, warna iki umume lumaku ing warna kulite manungsa.
Saka jinise warna-warna iku bisa dilebokake ing kosok balen sesambungan, ing antarane:
a)     sawo mateng >< kuning langsep
Umume warna iku sambungane karo warna pakulitane manungsa.
b)     ireng meles >< abang njrabang
Umume warna iku disambungake karo warna rambute manungsa.

d.     Warna ing Kosok Balen Undha Usuk
Saliyane kalebu jinis kosok balen majib, maneka warna, lan sesambungan, warna uga bisa kalebu jinis kosok balen undha usuk. Kosok balen undha usuk yaiku makna ing tembung-tembung sing dikosokbalekake ngandharake anane undha usuk. Kayata:
1)     jambon >< abang >< abang mbranang
2)     ijo pupus >< ijo >< ijo lumut
3)     kuning gadhing >< kuning >< kuning gumrining
Tuladha ing ukara: Sing ngadeg nganggo klambi abang enom kae Yuni, sisihe sing nganggo jaket abang jenenge Tinah, dene sing ayu krudhunge abang mbranang kae jenenge Ria.
Warna-warna ing ndhuwur iku nuduhake anane undha usuk utawa tingkatan, saka warna sing enom utawa ukurane kurang, banjur warna sing ukurane netral, banjur nuju menyang warna sing ukurane banget.

C.     Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur didudut sing diarani kosok balen yaiku walikane makna, dudu walikane tembung. Ing alam donya iki warna nduweni jinis kang  akeh. Kalebu ing basa Jawa jinise warna uga akeh banget. Ana warna sing banget, ana warna sing surasane kurang, lan uga ana warna campuran. Warna-warna iku mau bisa dilebokake ing kabeh jinis kosok balen ing basa Jawa, yaiku kosok balen majib, maneka warna, lan undha usuk.

Kapustakan
Aminuddin. 2011. Semantik Pengantar Studi Tentang Makna. Bandung: Penerbit Sinar Baru    Algensindo Bandung
Chaer, Abdul. 2009. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia Edisi Revisi. Jakarta: Rineka Cipta
Gudai, Darmansyah. 1989. Semantik Beberapa Topik Utama. Jakarta: Iptek Pengembangan Lembaga Pendidikan Tenaga Kependidikan
Keraf. Gorys. 2006. Diksi dan Gaya Bahasa. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama
Nugroho, Eko. 2008. Pengenalan Teori Warna. Jakarta: Gudang Penerbit
Padmosoekotjo, S. 1956. Sarine Basa Jawa. Jakarta: Noordhoff-Kolff N.V
Pateda, Mansoer. 2001. Semantik  Leksikal. Jakarta: Rineka Cipta
Poerwadarminta, W.J.S. 1937. Baoesastra Djawi.
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua
Sukardi, dkk. 1995. Antonimi dalam Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa
Ullman, Stephen. 2009. Pengantar Semantik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar
Verhaar, J.M.W. 2008. Asas-Asas Linguistik Umum.Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
Wijana, I Dewa Putu. 2011. Semantik Teori dan Analisis. Surakarta: Yuma Pustaka