ORA KRASA
Ibuku
nduwe usaha nggawe roti lan snack. Saben ana pesenan akeh sing ngeterake marang
pelanggan ya mesthi bapak lan masku dhewe. Ing salah sawijine dina bapak lan
mas ngeterake roti menyang pelanggan sing omahe nyepit tur dalane angel. Wektu
kuwi ibu ndherek amarga sisan bablas kulakan menyang pasar, saengga masku
lungguhe ana mburi. Nalika mulih amarga dalane angel lan kudu balik kanan,
masku mudhun ngabani bapakku kareben pener anggone nyopir. Masku bengak-bengok
ngabani saka mburi, dene ibu ya tetep lenggah ing sisihe bapak.
Sawise
posisine pas, mobil banjur dilakokake dening bapak. Kira-kira wis meh sekilo
jarake anggone mlaku bapak ngajak omong masku. Nanging kok ora ana swara sumaur.
“Hon, Hono... pengin njajan nengdi, Le?”. Diambali maneh, ibuku uga melu
nakoni, “Bocah dijak omong kok ora mangsuli, Hon?”. Bareng ditoleh menyang
mburi jebul masku ora ana ing mobil... Wooo... ladhalah... keri ta tibake? Gek
piye kok nganti ora krasa, kamangka jarene masku ya wis bengak-bengok nimbali bapak
karo ibu. Apa tumon?
Dinda Mulia
Magetan, Januari 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar