MODOD
Aku
nduwe ponakan pindhahan saka Jakarta. Teka Magetan dheweke mlebu kelas 1 SD ing
SD negeri neng desaku. Ing salah sawijining dina, ponakanku mulih saka
sekolahan. Lagi wae teka ngarep lawang langsung omong marang ibuku, “Bulik,
besok Sabtu itu modod lho.” Dhasar pindhahan saka Jakarta, durung bisa omong
basa Jawa. Ibuku sing dijak omong ora mudheng, banjur takon, “Modod piye ta,
Nduk?”. Ponakanku mangsuli karo mlengos, “Ya modod.” Banjur ibuku ya ora
takon-takon maneh, wong ya ora mudheng tur sing ditekoni ora njlentrehake
kanthi cetha.
Dina
candhake mulih saka sekolah dibaleni omong ngono kuwi maneh. Ibuku tetep ora
ngerti apa karepe. Ing wayah sore isih dibaleni maneh, “Bulik, besok itu kata
bu guru modod lho.” Ganti bapakku sing mangsuli, “Modad-modod, mododa dhewe,
Ril. Kaet wingi kok omong modod wae.” Ibuku sansaya penasaran, banjur nakoni,
“Ora jane modod piye ta, Ril? Dari kemarin kok modod. Bu guru bilang gimana?
Bulik itu ndak mudheng.” Sing ditakoni mangsuli, “Itu lho, Bulik... kata bu
guru itu modod... bawa nasi sama minum....” Sanalika wong saomah padha
ger-geran lan mudheng, yen sing dikarepake kuwi MBONTOT, dudu MODOD. Tujune
omong yen nggawa sega, yen ora lak ya ora disangoni sega dhewe. Woalah... apa tumon?
Dinda Mulia
Magetan, Januari 2012.
Dinda Mulia
Magetan, Januari 2012.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar