Jumat, 09 November 2012


Sejarah sesaji
Sadurunge ana daya pangaribawan agama-agama kayata Hindu, Budha, lan sapanunggalane tuwuh ing Indonesia, kapitayane leluhur bangsa Indonesia adhedhasar marang rong sistem kapitayan. Kapitayan kuwi wis dadi sawijine idiologi sajroning kapercayane. Kapitayan kuwi yaiku:
a.       Animisme
Animisme minangka kapitayan kang nduweni pamawas menawa samubarang kang nduweni kakuwatan roh ora mung manungsa lan kewan, nanging samubarang liyane kayata wit, watu, lan sapanunggalane, uga nduweni roh kang ngandhut kakuwatan gaib. Lan roh-roh kuwi bisa menehi pangaribawa bathi lan rugi marang panguripane leluhur. Supaya ora nuwuhake panyebab kang ala ing panguripane, para leluhur ngurmati roh-roh kasebut kanthi cara menehi sesajen lan menyan kanthi sesulih dhukun utawa pawang kanggo njaluk berkat utawa pangestu. Saliyane kuwi uga digunakake kanggo pakaryan kang penting, upamane nalika ngedegake omah lan menawa ana wong lara.
Saliyane kapitayan marang anane roh, bangsa Indonesia ing jaman samana uga percaya marang anane bangsa lelembut kang diarani Hyang utawa Yang, kang dumunung ing gunung, alas, kali, lan papan wingit liyane sing arang diliwati manungsa. Ing antarane hyang-hyang kuwi ana kang apik lan ana kang ala sing seneng ngganggu uripe manungsa. Mula saka kuwi dikurmati kanthi cara menehi sesajen lan menyan supaya para leluhur antuk pangestu lan slamet sajroning uripe. Para leluhur menehake sesajen marang roh-roh tuladhane kanthi nggawekake prau cilik sing njerone ana isine maneka warna sesajen. Prau kasebut diilekake menyang kali utawa segara. Kanthi tujuwan supaya roh kasebut  menehi pangaribawa negatip marang uripe para leluhur lan bisa mapan ing panggonan kang edhum.

b.      Dinamisme
Para leluhur nduweni kapitayan menawa saben wong, kewan utawa samubarang duwe kakuwatan gaib lan greget. Akehe  greget kang ana ing sajroning awak kudu laras karo kahanane awak. Wong sing kurang gregete bakal lara-laranen. Mula saka kuwi pawongan kudu nggunakake samubarang kayata ali-ali, gelang, kalung, utawa apa wae sing bisa nuwuhake greget.
Watara patang abad kepungkur, wis ana gegayutan ing antarane Indonesia karo bangsa manca kayata India lan Cina sajroning sistem dagang. Wong India lan Cina kasebut pancen ngenut agama Hindu lan Budha. Pedagang-pedagang kasebut nggunakake kalodhangan kuwi kanggo menehi daya pangaribawan marang bangsa Indonesia ing babagan kabudayan, agama, lan seni. Saking gedhene daya pangaribawan Hindu kasebut mula madeg kraton-kraton Hindu ing Indonesia, kayata Kutai, Tarumanegara, Kraton Mataram, lan Sriwijaya. Saka madege sakehing kraton Hindu ing Indonesia ndadekake sansaya kuwate daya pangaribawan utamane ing babagan budaya lan agama.
Ing jaman Majapahit kanthi resmi sajroning babagan agama ana rong aliran, yaiku agama Syiwa lan agama Budha. Ing kasunyatane kekraone bisa lumaku bebarengan kanthi becik malah-malah nggayuh wujud sinkretisme ing antarane budaya Hindu lan Budha karo budaya Indonesia utamane ing babagan agama lan sistem kapitayan kang pancen tuwuh sadurunge. Ditambahi maneh kanthi teori-teori lan praktek-praktek moderen dening para ahli agama Hindu lan Budha marang saperangan gedhe leluhur bangsa Indonesia. Tuladhane nalika ana salah sawijine wong kang tilar donya sakabehing sanak kadang lan kulawarga, ing dina katelu, kapitu, patang puluh, satus dinane nganti sewune wong sing tilar donya kasebut, kudu kumpul kanggo muja roh sing tilar donya  lan njaluk kaslametan marang roh lan dewa kanthi cara ngobong menyan lan sesajen minangka tandha pakurmatan marang roh lan dewa kasebut sambi nembang-nembang lan maca “Homburae - Homburae”.

LOVE DANBO

Lagi seneng sama Danbo. pengen beli, tapi kalo dipikir2 mau buat apa? mengingat harganya yang bagiku "waw" jadi aku urungkan niat untuk mempunyai Danbo. mending tuh duit buat makan, jalan2, atau beli baju. jadi cuma seneng liatin gambar2nya aja. kadang geregetan sendiri tiap liat gambarnya.

Selasa, 04 September 2012

PPL 2 SMPN 7 Bojonegoro

selese ngajar itu harus tetep eksis. ngajar oke, narsis juga harus oke. bareng2 siswa siswi kelas VII-D SMPN 7 Bojonegoro. pertamanya sih mereka malu2..eh..lama2 malu2in..ahahha
gak ding, mereka asik2...

Selasa, 24 Juli 2012

tembang dolanan 2

BUTA-BUTA GALAK

// .   .   5   5 / 5   5   1  1 / .   6̣   1   2 / 1   5   3   2 /
           Bu ta   bu  ta  ga lak    so lah  e   lun jak lun jak

// .   .   2   5 / 5   2   5   3 / 3   2     5   3 / 3   2   2   1 /
          Mla ku    ci krak   ci krak nyandhak  kun ca    nu    li    tan jak

// .   .   1   6̣ / 2   1     6̣   5̣ / .   6̣   1   2 / 1   5   3   2 /
            Ba li   nga deg ma neh     ru  pa ne  ting ce lo neh

// .   .   2   5 / 5   2   5   3 / 3   2      5    3 / 3     2    2   1 /
            I    ki   bu ron a   pa  tak seng guh  bu  ron kang  a neh

/ .   .   .   . / 5   5     6   1˙/ 1˙   1˙   6      5 / 2   5   6   1˙ /
                 Lha wong ko we we we sing   ma rah ma rah  i

/.   .   .   . / .   2˙   .   6 / .   1˙   .   5/ .   3   .   5 /
    Ga     we     mu    kok    ngo    no

/ .   2   2   . / 2   5   5   3 / 3   2   5   3 / 3    2    2   1 /
      Hi hi      a  ku  we di  a   yo kanca  pa dha   ba li

/ 1   1   1  1 / .   .   .   . / 1   1   1   1/ .   .   .   . /
  Ga lo ka e                   ga  lo ka  e

/ .   6̣   1   2/ 1   5   3   2/ .   2   .   2 / .   2  .   2 /
     Mri pat e  ple rak ple rok  rok    rok     rok    rok

/ .   6̣   1   2/ 1   5    3   2/ .   2   .   2 / .   2  .   2 /
      Ku  lit  e am beng ke rok   rok    rok     rok   rok

/ .   .   5       6 / 1   5   2   3/ 5   1   3   2/ 6̣   1   6̣   5̣ //
Mung   ku        lit       e       am   beng     ke     rok

tembang dolanan


KUPU KUWI
Laras Pelog 6

.           5          5          6 /        6                   6          1˙/                
Ku              pu             ku        wi        dak      in         cup      e

.                             1˙/        6                            1˙/        6          5
            Mung   ma       bur       e               nge             wuh     a          ke

                           2˙/                          6          5/         3          6
Nga     lor        ngi       dul       nge      tan       ba        li          ngu      lon

                           1˙/        6          5          5          6/         6          5
Mra      na        mre      ne        mung   sa         pa        ran       pa        ran

.           2          .           3/         5          6          5          4/         6          5
            Mbok               ya        men     clok     dak      in         cup      e

5          2          3          5/         6          3          5          6
Men     tas        men          clok                                te             plok

                  6          5/         6          3          .           2
Ban      jur        ma             bur             kle                   per

Dinda
Bojonegoro, 24 Juni 2012 

Senin, 23 Juli 2012

Apa Tumon 2


ORA KRASA
Ibuku nduwe usaha nggawe roti lan snack. Saben ana pesenan akeh sing ngeterake marang pelanggan ya mesthi bapak lan masku dhewe. Ing salah sawijine dina bapak lan mas ngeterake roti menyang pelanggan sing omahe nyepit tur dalane angel. Wektu kuwi ibu ndherek amarga sisan bablas kulakan menyang pasar, saengga masku lungguhe ana mburi. Nalika mulih amarga dalane angel lan kudu balik kanan, masku mudhun ngabani bapakku kareben pener anggone nyopir. Masku bengak-bengok ngabani saka mburi, dene ibu ya tetep lenggah ing sisihe bapak.
Sawise posisine pas, mobil banjur dilakokake dening bapak. Kira-kira wis meh sekilo jarake anggone mlaku bapak ngajak omong masku. Nanging kok ora ana swara sumaur. “Hon, Hono... pengin njajan nengdi, Le?”. Diambali maneh, ibuku uga melu nakoni, “Bocah dijak omong kok ora mangsuli, Hon?”. Bareng ditoleh menyang mburi jebul masku ora ana ing mobil... Wooo... ladhalah... keri ta tibake? Gek piye kok nganti ora krasa, kamangka jarene masku ya wis bengak-bengok nimbali bapak karo ibu. Apa tumon?
Dinda Mulia
Magetan, Januari 2012 

Apa Tumon 1


MODOD
Aku nduwe ponakan pindhahan saka Jakarta. Teka Magetan dheweke mlebu kelas 1 SD ing SD negeri neng desaku. Ing salah sawijining dina, ponakanku mulih saka sekolahan. Lagi wae teka ngarep lawang langsung omong marang ibuku, “Bulik, besok Sabtu itu modod lho.” Dhasar pindhahan saka Jakarta, durung bisa omong basa Jawa. Ibuku sing dijak omong ora mudheng, banjur takon, “Modod piye ta, Nduk?”. Ponakanku mangsuli karo mlengos, “Ya modod.” Banjur ibuku ya ora takon-takon maneh, wong ya ora mudheng tur sing ditekoni ora njlentrehake kanthi cetha.
Dina candhake mulih saka sekolah dibaleni omong ngono kuwi maneh. Ibuku tetep ora ngerti apa karepe. Ing wayah sore isih dibaleni maneh, “Bulik, besok itu kata bu guru modod lho.” Ganti bapakku sing mangsuli, “Modad-modod, mododa dhewe, Ril. Kaet wingi kok omong modod wae.” Ibuku sansaya penasaran, banjur nakoni, “Ora jane modod piye ta, Ril? Dari kemarin kok modod. Bu guru bilang gimana? Bulik itu ndak mudheng.” Sing ditakoni mangsuli, “Itu lho, Bulik... kata bu guru itu modod... bawa nasi sama minum....” Sanalika wong saomah padha ger-geran lan mudheng, yen sing dikarepake kuwi MBONTOT, dudu MODOD. Tujune omong yen nggawa sega, yen ora lak ya ora disangoni sega dhewe. Woalah... apa tumon?
Dinda Mulia
Magetan, Januari 2012.